Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hajj Ayahs #50 Translated in Jawa

أَفَلَمْ يَسِيرُوا فِي الْأَرْضِ فَتَكُونَ لَهُمْ قُلُوبٌ يَعْقِلُونَ بِهَا أَوْ آذَانٌ يَسْمَعُونَ بِهَا ۖ فَإِنَّهَا لَا تَعْمَى الْأَبْصَارُ وَلَٰكِنْ تَعْمَى الْقُلُوبُ الَّتِي فِي الصُّدُورِ
Ya gene wong - wong kafir ora mlaku ana ing bumi, banjur kedunungan ati kang bisa ngerti, utawa pangurungu kang bisa ngrungokake (cerita lelakone wong kuna kang duwe patilasan mau). Dadi satemene dudu kang wuta mripate, balik sing wuta iku mripate kang ana ing sajroning atine
وَيَسْتَعْجِلُونَكَ بِالْعَذَابِ وَلَنْ يُخْلِفَ اللَّهُ وَعْدَهُ ۚ وَإِنَّ يَوْمًا عِنْدَ رَبِّكَ كَأَلْفِ سَنَةٍ مِمَّا تَعُدُّونَ
Lan wong - wong kafir mau padha nyuwun marang sira (muhammad) supaya age - age (enggal - enggal) keturunan siksa ing mangka ALlah ora bakal nyulayani janjine. Lan satemene sedina (kang dijanjekake kanggo nyiksa) ana ing ngarsane Pangeranira iku dirasakake dening wong - wong iku kaya sewu tahun kang padha sira etung
وَكَأَيِّنْ مِنْ قَرْيَةٍ أَمْلَيْتُ لَهَا وَهِيَ ظَالِمَةٌ ثُمَّ أَخَذْتُهَا وَإِلَيَّ الْمَصِيرُ
Lan maneh pira bae kehe wong negara kang padha duraka, sarta patrapane siksane Ingsun srantekake sawatara lawase. Bareng wis tekan wektune, banjur Ingsun turuni siksa, lan mung marang Ingsun piyambak panggonan bali
قُلْ يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِنَّمَا أَنَا لَكُمْ نَذِيرٌ مُبِينٌ
(Muhammad) sira dhawuha, "He oara manungsa saktemene Ingsun iki dadi guru pepiling kang nyata tumrap sira kabeh, (kelawan tembung kang sira mangeteni)
فَالَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ لَهُمْ مَغْفِرَةٌ وَرِزْقٌ كَرِيمٌ
Dene wong - wong kang padha iman lan nindakake kebecikan, dheweke iku bakal pikantuk pangapura lan rejeki kang mulya

Choose other languages: