Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Furqan Ayahs #4 Translated in Jawa

تَبَارَكَ الَّذِي نَزَّلَ الْفُرْقَانَ عَلَىٰ عَبْدِهِ لِيَكُونَ لِلْعَالَمِينَ نَذِيرًا
Maha luhur (Suci Allah Pangeran) kang wis nurunake al-Furqan (al-QUran) kang mbedakake antarane barang kang bener lan barang kang keleru, didhawuhake marang kawulane (Muhammad), minangka kanggo pepeling an pengancam marang kabeh alam (jin lan manungsa)
الَّذِي لَهُ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَلَمْ يَتَّخِذْ وَلَدًا وَلَمْ يَكُنْ لَهُ شَرِيكٌ فِي الْمُلْكِ وَخَلَقَ كُلَّ شَيْءٍ فَقَدَّرَهُ تَقْدِيرًا
Pangeran kang kagungan kratone langit lan bumi, sarta ora peputra, lan ora ana kang ngembari (nyekuthoni) jumeneng ratu, apadene Allah iku kang nitahake kabeh barang kang dumadi, nuli nindakake lelakone kaya papesthen kang wis tinemtokake
وَاتَّخَذُوا مِنْ دُونِهِ آلِهَةً لَا يَخْلُقُونَ شَيْئًا وَهُمْ يُخْلَقُونَ وَلَا يَمْلِكُونَ لِأَنْفُسِهِمْ ضَرًّا وَلَا نَفْعًا وَلَا يَمْلِكُونَ مَوْتًا وَلَا حَيَاةً وَلَا نُشُورًا
Lan wong - wong kafir (musyrik) iku padha ngedegake (ngalap) Pangeran akeh liyane Alah, iya iku brahala kang ora bisa gawe apa - apa, malah dadine brahala mau sarana digawe dening manungsa. Lan ora bisa nulak bebaya kang bakal tumiba ing awake, apadene ora bisa aweh manga’at marang awake, lan ora bisa gawe urip lan gawe pati, lan ora bisa nangekake wong saka ing pati
وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا إِنْ هَٰذَا إِلَّا إِفْكٌ افْتَرَاهُ وَأَعَانَهُ عَلَيْهِ قَوْمٌ آخَرُونَ ۖ فَقَدْ جَاءُوا ظُلْمًا وَزُورًا
Lan wong - wong kafir mau padha celathu, "Qur’an iki ora liya mung gegorohan (pangamandaka). gaweyane (Muhammad) dhewe, sarta dibantu dening wong - wong liyane". (Pangendikane Allah), "Wong - wong kafir kang padha wani celathu mengkono mau, goroh (panganiaya) lan duraka

Choose other languages: