Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #7 Translated in Jawa

2:3
الَّذِينَ يُؤْمِنُونَ بِالْغَيْبِ وَيُقِيمُونَ الصَّلَاةَ وَمِمَّا رَزَقْنَاهُمْ يُنْفِقُونَ
Kang padha percaya marang barang kang ghaib lan padha nglakoni shalat, sarta padha mewehake barang peparing Ingsun marang wong mau tumanja pangabekti marang Ingsun
2:4
وَالَّذِينَ يُؤْمِنُونَ بِمَا أُنْزِلَ إِلَيْكَ وَمَا أُنْزِلَ مِنْ قَبْلِكَ وَبِالْآخِرَةِ هُمْ يُوقِنُونَ
Lan kang padha percaya marang samubarang kang wus didhawuhake marang sira Muhammad, lan samubarang kang wus didhawuhake marang para Nabi sadurungira, sarta padha weruh ing akherat kelawan nyata
2:5
أُولَٰئِكَ عَلَىٰ هُدًى مِنْ رَبِّهِمْ ۖ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ
Wong kang mangkono mau, kabeh padha oleh pituduh saka Pangerane lan wong kang mangkono mau kabeh padha begja
2:6
إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا سَوَاءٌ عَلَيْهِمْ أَأَنْذَرْتَهُمْ أَمْ لَمْ تُنْذِرْهُمْ لَا يُؤْمِنُونَ
Dene wong kang padha kafir iku sanajan sira kandhani utawa ora sira kandhani padha wae, dheweke padha ora percaya
2:7
خَتَمَ اللَّهُ عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ وَعَلَىٰ سَمْعِهِمْ ۖ وَعَلَىٰ أَبْصَارِهِمْ غِشَاوَةٌ ۖ وَلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيمٌ
Allah wis ngecap atine sikafir kabeh lan pengrungune sikafir kabeh ana tutupe. Kabeh padha kapatrapan siksa kang gedhe

Choose other languages: