Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #286 Translated in Jawa

وَإِنْ كُنْتُمْ عَلَىٰ سَفَرٍ وَلَمْ تَجِدُوا كَاتِبًا فَرِهَانٌ مَقْبُوضَةٌ ۖ فَإِنْ أَمِنَ بَعْضُكُمْ بَعْضًا فَلْيُؤَدِّ الَّذِي اؤْتُمِنَ أَمَانَتَهُ وَلْيَتَّقِ اللَّهَ رَبَّهُ ۗ وَلَا تَكْتُمُوا الشَّهَادَةَ ۚ وَمَنْ يَكْتُمْهَا فَإِنَّهُ آثِمٌ قَلْبُهُ ۗ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ عَلِيمٌ
Lan manawa sira ana sajeroning lelungan, kang mangka sira ora pikantuk jurutulis, kena nganggo cecekelan (gadhen) kang tinampanan. Dene menawa sawenehira percaya marang liyane, wong kang dipercaya mau nuhonana mbalekake barang kang dipercayakake, lan bektia ing Allah Pangerane, apa dene anggonira njlentrehake dadi seksi aja nganggo ngumpetake anggonira nekseni iku atine dosa. Dene Allah iku Ngudaneni marang barang kang sira tindakake
لِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۗ وَإِنْ تُبْدُوا مَا فِي أَنْفُسِكُمْ أَوْ تُخْفُوهُ يُحَاسِبْكُمْ بِهِ اللَّهُ ۖ فَيَغْفِرُ لِمَنْ يَشَاءُ وَيُعَذِّبُ مَنْ يَشَاءُ ۗ وَاللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Samu barang kang isining langit lan bumi iku kagungane Allah. LAn manawa sira padha nglahirake barang kang ana ing sajeroning atinira utawa sira padha nyamarake iku, yekti Allah bakal ngetung ing barang iku marang sira kabeh. Nuli Allah ngapura marang wong kang dikersakake lan nyiksa marang wong dikersakake. Dene Allah iku Nguwasani marang samu barang
آمَنَ الرَّسُولُ بِمَا أُنْزِلَ إِلَيْهِ مِنْ رَبِّهِ وَالْمُؤْمِنُونَ ۚ كُلٌّ آمَنَ بِاللَّهِ وَمَلَائِكَتِهِ وَكُتُبِهِ وَرُسُلِهِ لَا نُفَرِّقُ بَيْنَ أَحَدٍ مِنْ رُسُلِهِ ۚ وَقَالُوا سَمِعْنَا وَأَطَعْنَا ۖ غُفْرَانَكَ رَبَّنَا وَإِلَيْكَ الْمَصِيرُ
Utusan (Rasul) iku percaya marang samu barang kang wis diturunake saka Pangerane marang dhweke, lan para wong Mukmin uga padha percaya. Kabeh mau padha percaya ing Allah lan malaekate lan kitab-kitabe lan para Utusane. Dheweke matur: "Kita sayada mbiten mbedak-mbedakaken antawisipun para Utusaning Allah", sak banjure matur maneh, "Kita sami sampun mireng tuwin sami ngestokaken, dhuh Pangeran kawula, mugi panjenengan ngapunten dhateng kita sadaya lan namung dhateng ngarsa Panjenengan piyambak kita sadaya badhe sowan
لَا يُكَلِّفُ اللَّهُ نَفْسًا إِلَّا وُسْعَهَا ۚ لَهَا مَا كَسَبَتْ وَعَلَيْهَا مَا اكْتَسَبَتْ ۗ رَبَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا ۚ رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا ۚ رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهِ ۖ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا ۚ أَنْتَ مَوْلَانَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ
Allah ora kersa meksa marang sawijining badan, kajaba mung sak kuwate. Awak mau bakal tampa ganjaraning kabecikan kang wis ditindakake lan uga bakal nyangga patraping keluputan kang wis ditindakake. (He Kawulaningsun) sira padha munjuka, "Dhuh Pangeran kawula, menawi kawula kasupen utawa boten njarak, Panjenengan mugi sampun matrapi dhumateng kawula. Dhuh Pangeran kawula, panjenengan mugi sampun ngawrataken sesanggen kawula kados anggen panjenengan momoti sesanggen dhateng para ummat sak derengipun kawula. Panejengan mugi sampun momoti kawula barang ingkang kawula mboten kiya. Panjenengan mugi-mugi nyirnakaken kalepatan kawula, saha mugi kersa paring pangapunten dhumateng kawula, tuwin mugi paringa Asih dhumateng kawula. Panjenengan punika pangayom (bendara, Gusti) kawula, awit saking punika mugi-mugi panjenengan kersa paring pitulung dhumateng kawula, ngawonaken dhateng tiyang kafir sadaya

Choose other languages: