Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #267 Translated in Jawa

قَوْلٌ مَعْرُوفٌ وَمَغْفِرَةٌ خَيْرٌ مِنْ صَدَقَةٍ يَتْبَعُهَا أَذًى ۗ وَاللَّهُ غَنِيٌّ حَلِيمٌ
(Nulak wong jejaluk kelawan) tembung kang aris lan pangapura, iku luwih becik tinimbang weweh kang banjur mawa tetembungan kang nglarakake ati. Dene Allah iku Maha Sugih lan Maha Sabar
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تُبْطِلُوا صَدَقَاتِكُمْ بِالْمَنِّ وَالْأَذَىٰ كَالَّذِي يُنْفِقُ مَالَهُ رِئَاءَ النَّاسِ وَلَا يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ ۖ فَمَثَلُهُ كَمَثَلِ صَفْوَانٍ عَلَيْهِ تُرَابٌ فَأَصَابَهُ وَابِلٌ فَتَرَكَهُ صَلْدًا ۖ لَا يَقْدِرُونَ عَلَىٰ شَيْءٍ مِمَّا كَسَبُوا ۗ وَاللَّهُ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الْكَافِرِينَ
He para wong mukmin, sira aja padha ngrusak darmanira kelawan pangundhat-undhat lan ngelarakake ati, iku kaya wong darmakake bandhane murih dialem manungsa, lan ora percaya marang Allah lan dina Qiyamat. Sanepane wong kang kaya mangkono iku kaya upamane watu kang alus ana bleduge, banjur kodanan deres, kang mesthi mbanjur resik kari watune. Wong mau ora bisa nguwasani sethithik-thithika marang kebecikan kang wis ditindakake. Sateme Allah iku ora kersa nuduhake marang wong kang padha kafir
وَمَثَلُ الَّذِينَ يُنْفِقُونَ أَمْوَالَهُمُ ابْتِغَاءَ مَرْضَاتِ اللَّهِ وَتَثْبِيتًا مِنْ أَنْفُسِهِمْ كَمَثَلِ جَنَّةٍ بِرَبْوَةٍ أَصَابَهَا وَابِلٌ فَآتَتْ أُكُلَهَا ضِعْفَيْنِ فَإِنْ لَمْ يُصِبْهَا وَابِلٌ فَطَلٌّ ۗ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ
Dene sanepane wong kang dermakake bandhane murih keparenging Allah kanthi keyakinan kang tetep ana ing atine, iku sanepane pakebonan kang lemahe geneng (dhuwur) kodanan deres, ing kono mbanjur ngetokake wulu pametu tikel loro tinimbang pakebonan liyane. Dene yen ora kodanan iya mung riwis-riwis wae. Allah iku Maha Mriksani ing samu barang kang sira tindakake
أَيَوَدُّ أَحَدُكُمْ أَنْ تَكُونَ لَهُ جَنَّةٌ مِنْ نَخِيلٍ وَأَعْنَابٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ لَهُ فِيهَا مِنْ كُلِّ الثَّمَرَاتِ وَأَصَابَهُ الْكِبَرُ وَلَهُ ذُرِّيَّةٌ ضُعَفَاءُ فَأَصَابَهَا إِعْصَارٌ فِيهِ نَارٌ فَاحْتَرَقَتْ ۗ كَذَٰلِكَ يُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمُ الْآيَاتِ لَعَلَّكُمْ تَتَفَكَّرُونَ
(He wong kang padha riya’ ) Sira apa padha seneng duweni kebon kurma lan anggur, kang ngisore ana kaline mili, sarta nduweni sarupane woh-wohan (wulu pametu) isining kebon mau, kang duwe kebon mau tumeka pikun iya duwe turun, nanging padha apes ora bisa ngopeni kebonne mau. Pakebonan mau mbanjur ketrajang prahara mawa geni, wasana mbanjur kobong, Mangkono iku Allah nerangake ayat-ayate marang sira kabeh, supaya sira padha gelem mikir
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا أَنْفِقُوا مِنْ طَيِّبَاتِ مَا كَسَبْتُمْ وَمِمَّا أَخْرَجْنَا لَكُمْ مِنَ الْأَرْضِ ۖ وَلَا تَيَمَّمُوا الْخَبِيثَ مِنْهُ تُنْفِقُونَ وَلَسْتُمْ بِآخِذِيهِ إِلَّا أَنْ تُغْمِضُوا فِيهِ ۚ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ غَنِيٌّ حَمِيدٌ
Para mukmin kabeh, sira padha nanjakna (ndermakna) saka bandha kang becik-becik anggonira nyambut gawe, lan wulu pametune bumi kang wis Ingsun parengake marang sira kabeh. Bandha mau aja sira pilihake kang ala (tampikan) kang mongka sira ora gelem njupuk kang ala mau kajab yen panjupukira kanthi merem, lan sira padha sumurupa satemene Allah iku Maha Sugih sarta Maha Pinuji

Choose other languages: