Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #23 Translated in Jawa

أَوْ كَصَيِّبٍ مِنَ السَّمَاءِ فِيهِ ظُلُمَاتٌ وَرَعْدٌ وَبَرْقٌ يَجْعَلُونَ أَصَابِعَهُمْ فِي آذَانِهِمْ مِنَ الصَّوَاعِقِ حَذَرَ الْمَوْتِ ۚ وَاللَّهُ مُحِيطٌ بِالْكَافِرِينَ
Utawa sanepane maneh kaya upamane wong kudanan, sajerone udan mau ana pepeteng lan bledhek tuwin kilat, wong munafiq padha nyumpelake drijine ana ing kupinge, supaya aja nganti krungu jumeblesing bledheg. Kuwasane Allah nglimputi wong kafir kabeh
يَكَادُ الْبَرْقُ يَخْطَفُ أَبْصَارَهُمْ ۖ كُلَّمَا أَضَاءَ لَهُمْ مَشَوْا فِيهِ وَإِذَا أَظْلَمَ عَلَيْهِمْ قَامُوا ۚ وَلَوْ شَاءَ اللَّهُ لَذَهَبَ بِسَمْعِهِمْ وَأَبْصَارِهِمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Meh wae kilat mau nyamber pandelenge wong-wong munafiq, saben kilat mau cumleret madhangi marang si munafiq, banjur padha lumaku ana ing pepadhang. Dene yen pinuju petheng si munafiq banjur pahd ngadeg jejer. Saupama Allah kersa nyirnakake pangrungu lan pandelenge si munafiq kabeh mesthi kaleksanan. Satemene Allah iku kuwasa marang samu barang
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اعْبُدُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ وَالَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
He para manungsa kabeh, sira padha manembaha marang Pangeranira kang wis nitahake ing sira kabeh lan nitahake wong sadurungira kebh, mesthi sira padha kalis saka ing sika marga bekti ing Allah
الَّذِي جَعَلَ لَكُمُ الْأَرْضَ فِرَاشًا وَالسَّمَاءَ بِنَاءً وَأَنْزَلَ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً فَأَخْرَجَ بِهِ مِنَ الثَّمَرَاتِ رِزْقًا لَكُمْ ۖ فَلَا تَجْعَلُوا لِلَّهِ أَنْدَادًا وَأَنْتُمْ تَعْلَمُونَ
Kang wis nitahake bumi minangka lemek (dadi papan mikolehi ing sira) lan nitahake langit dadi payon, sarta nurunake banyu udan saka ing langit, dianggo lantaran nukulake woh-wohan warna-warna minangka rejekinira kabeh, mulane aja padha gawe sesembahan kang sira anggo ngembari Allah. Sira kabeh iya wis padha weruh
وَإِنْ كُنْتُمْ فِي رَيْبٍ مِمَّا نَزَّلْنَا عَلَىٰ عَبْدِنَا فَأْتُوا بِسُورَةٍ مِنْ مِثْلِهِ وَادْعُوا شُهَدَاءَكُمْ مِنْ دُونِ اللَّهِ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
Lan menawa sira padha mamang, durung percaya yen al-Qur’an kang wis Ingsun dhawuhake marang kawulaningsun (Muhammad) iki terang saka Ingsun, mara sira padha gaweya sak surat bae kang madhani al-Qur’an iki, lan jaluka tulung pangeranira kang saliyane Allah, yen sira padha temen

Choose other languages: