Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #166 Translated in Jawa

خَالِدِينَ فِيهَا ۖ لَا يُخَفَّفُ عَنْهُمُ الْعَذَابُ وَلَا هُمْ يُنْظَرُونَ
Dheweke padha langgeng ana ing sajroning laknat, ora bakal padha diparingi kemayaran saka siksane, sarta ora bakal disrantekake
وَإِلَٰهُكُمْ إِلَٰهٌ وَاحِدٌ ۖ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ الرَّحْمَٰنُ الرَّحِيمُ
Lan Pangeranira iku Pangeran kang Sawiji, ora ana Pangeran kajaba mung panjenengane piyambak, Kang Maha welas sarta Maha Asih
إِنَّ فِي خَلْقِ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَاخْتِلَافِ اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَالْفُلْكِ الَّتِي تَجْرِي فِي الْبَحْرِ بِمَا يَنْفَعُ النَّاسَ وَمَا أَنْزَلَ اللَّهُ مِنَ السَّمَاءِ مِنْ مَاءٍ فَأَحْيَا بِهِ الْأَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا وَبَثَّ فِيهَا مِنْ كُلِّ دَابَّةٍ وَتَصْرِيفِ الرِّيَاحِ وَالسَّحَابِ الْمُسَخَّرِ بَيْنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ يَعْقِلُونَ
Satemene ana ing tumitahing langit lan bumi, lan beda-bedaning rina lan wengi lan prahu kang lelayaran ana ing segara kang migunani marang manungsa, lan anggone Allah wis nurunake banyu udan saka langit, banjur dienggo nguripake bumi kang wis mati, lan anggone mratakake udan mau marang sarupaning gegremetan (kewan) ana ing bumi, lan anggone nglakokake angin lan bumi, iku kabeh dadi tandha yekti tumrap wong kang padha gelem mikir
وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَتَّخِذُ مِنْ دُونِ اللَّهِ أَنْدَادًا يُحِبُّونَهُمْ كَحُبِّ اللَّهِ ۖ وَالَّذِينَ آمَنُوا أَشَدُّ حُبًّا لِلَّهِ ۗ وَلَوْ يَرَى الَّذِينَ ظَلَمُوا إِذْ يَرَوْنَ الْعَذَابَ أَنَّ الْقُوَّةَ لِلَّهِ جَمِيعًا وَأَنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعَذَابِ
Lan sawenehing manungsa ana kang ngedegake sesembahan saliyane Allah. Wong-wong mau padha seneng ing sesembahan mau kayadene senenge marang Allah. Ananging wong-wong kang padha Mukmin luwih banget senenge marang Allah, lan saupama wong-wong kang padha nganiaya iku padha weruh nalika dheweke padha ndeleng siksa dheweke padha mangerti menawa kekuawatan kabeh iku kagungane Allah piyambak lan satemene Allah iku abot panyiksane
إِذْ تَبَرَّأَ الَّذِينَ اتُّبِعُوا مِنَ الَّذِينَ اتَّبَعُوا وَرَأَوُا الْعَذَابَ وَتَقَطَّعَتْ بِهِمُ الْأَسْبَابُ
Nalikane wong-wong kang padha diturut padha selak (ora ngakoni) saka wong-wong kang padha manut, lan dheweke padha weruh siksa, lan uga pedhot tetalining paguyuban

Choose other languages: