Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #21 Translated in Jawa

ثُمَّ لَآتِيَنَّهُمْ مِنْ بَيْنِ أَيْدِيهِمْ وَمِنْ خَلْفِهِمْ وَعَنْ أَيْمَانِهِمْ وَعَنْ شَمَائِلِهِمْ ۖ وَلَا تَجِدُ أَكْثَرَهُمْ شَاكِرِينَ
Tumunten saèstu kula badhé andhatengi piyambakipun saking ngajengipun sarta saking wing- kingipun tuwin saking tengenipun punapa déné saking kiwanipun; saha Tuwan badhé manoni kathah- kathahipun sami boten atur panu- wun
قَالَ اخْرُجْ مِنْهَا مَذْءُومًا مَدْحُورًا ۖ لَمَنْ تَبِعَكَ مِنْهُمْ لَأَمْلَأَنَّ جَهَنَّمَ مِنْكُمْ أَجْمَعِينَ
Pangandikané: Metua saka ing kono, cinacad, tinun- dhung; temen sapa-sapa dhèwèké sing manut sira, sayekti Aku bakal angisèni jahanam kalawan sira kabèh
وَيَا آدَمُ اسْكُنْ أَنْتَ وَزَوْجُكَ الْجَنَّةَ فَكُلَا مِنْ حَيْثُ شِئْتُمَا وَلَا تَقْرَبَا هَٰذِهِ الشَّجَرَةَ فَتَكُونَا مِنَ الظَّالِمِينَ
Lan : É, Adam! manggona, sira karo jodho- nira, ing taman;a lah sakaloron padha mangana endi ing saka- repira, ananging aja anyedhaki wit iki, mundhak sira sakaloron dadi golongané para kang atindak dudu
فَوَسْوَسَ لَهُمَا الشَّيْطَانُ لِيُبْدِيَ لَهُمَا مَا وُورِيَ عَنْهُمَا مِنْ سَوْآتِهِمَا وَقَالَ مَا نَهَاكُمَا رَبُّكُمَا عَنْ هَٰذِهِ الشَّجَرَةِ إِلَّا أَنْ تَكُونَا مَلَكَيْنِ أَوْ تَكُونَا مِنَ الْخَالِدِينَ
Tumuli sétan ambubujuk ma- rang sakaroné, pamrihé dhèwèké arep ambukak ing sakaroné apa kang mauné winadi ing sakaroné kang arupa krenteg ala, lan dhè- wèké calathu: Pangéranmu anggo- né anglarangi kowé sakaloron ing wit iki ora liya kajaba mundhak kowé sakaloron dadi malaikat sakaroné utawa mundhak kowé sakaloron dadi golongané para kang luput saka ing pati
وَقَاسَمَهُمَا إِنِّي لَكُمَا لَمِنَ النَّاصِحِينَ
Lan dhèwèké asumpah ma- rang sakaroné: Sayekti aku iki, tumrapé kowé sakaloron, sawiji- ning juru-pitutur kang tuhu-tuhu

Choose other languages: