Surah Al-Ankabut Ayahs #8 Translated in Jawa
أَمْ حَسِبَ الَّذِينَ يَعْمَلُونَ السَّيِّئَاتِ أَنْ يَسْبِقُونَا ۚ سَاءَ مَا يَحْكُمُونَ
Wong kang padha nindakake barang ala, musyrik utawa duraka liyane, apa padha duwe kira, bakal anglancangi marang Ingsun. (tegese ora bisa nglarani marang dheweke). Ala temen panemune wong - wong mau
مَنْ كَانَ يَرْجُو لِقَاءَ اللَّهِ فَإِنَّ أَجَلَ اللَّهِ لَآتٍ ۚ وَهُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ
Sing sapa percaya sarta ngarep - arep menawa ing tembe bakal sowan ana ing ngarsane Allah, iku padha sedhiyaha bae awit satemene wewangene Allah mesthi bakal kaleksanan. Allah iku midhanget sarta Nguningani
وَمَنْ جَاهَدَ فَإِنَّمَا يُجَاهِدُ لِنَفْسِهِ ۚ إِنَّ اللَّهَ لَغَنِيٌّ عَنِ الْعَالَمِينَ
Lan sing sapa kang temen - temen (perang lan berjuang) ana ing agamane Allah, ganjarane anggone tumindak kaa mangkono mau tumrap marang awake dhewe. Satemene Allah iku yekti Dzat Kang Maha Sugih (ora mbutuhake) marang ’alam saisine iki
وَالَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ لَنُكَفِّرَنَّ عَنْهُمْ سَيِّئَاتِهِمْ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَحْسَنَ الَّذِي كَانُوا يَعْمَلُونَ
Dene wong - wong mukmin lan padha nindakake kebecikan, iku tindake kang ala padha Ingsun paringi pangapura, lan bakal Ingsun paringi ganjaran kang luwih becik tinimbang amal kang ditindakake
وَوَصَّيْنَا الْإِنْسَانَ بِوَالِدَيْهِ حُسْنًا ۖ وَإِنْ جَاهَدَاكَ لِتُشْرِكَ بِي مَا لَيْسَ لَكَ بِهِ عِلْمٌ فَلَا تُطِعْهُمَا ۚ إِلَيَّ مَرْجِعُكُمْ فَأُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
Parintah Ingsun marang para manungsa, padha ngajenana (gaweya kabecikan) lan ngabektiya marang wong tuwane loro. Dene menawa wong tuwanira loro mau meksa marang sira ngakon supaya sira musyrik anggonira Mangeran marang Ingsun, kang sira ora sumurup tandha yektine iku sira aja manut. Sira iku ora wurung bakal padha bali sowan marang ngarsaningsun. Ing kono Ingsun maringi keterangan kabeh barang kang wis padha sira tindakake
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
