Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anfal Ayahs #34 Translated in Jawa

وَإِذْ يَمْكُرُ بِكَ الَّذِينَ كَفَرُوا لِيُثْبِتُوكَ أَوْ يَقْتُلُوكَ أَوْ يُخْرِجُوكَ ۚ وَيَمْكُرُونَ وَيَمْكُرُ اللَّهُ ۖ وَاللَّهُ خَيْرُ الْمَاكِرِينَ
Lan nalikané para kang padha kafir angrancang upaya tumanduk ing sira arep angunjara sira utawa arep amatèni sira, utawa arep anundhung sira; lan dhèwèké padha agawé rancangan, sarta Allah iya adamel rancangan; lan Allah iku Becik-beciké para juru- rancang
وَإِذَا تُتْلَىٰ عَلَيْهِمْ آيَاتُنَا قَالُوا قَدْ سَمِعْنَا لَوْ نَشَاءُ لَقُلْنَا مِثْلَ هَٰذَا ۙ إِنْ هَٰذَا إِلَّا أَسَاطِيرُ الْأَوَّلِينَ
Lan kalané timbalan-timba- lan-Ingsun diwacakaké marang dhèwèké, padha acalathu: Temen aku wis padha ngrungu; upama aku karepa, sayekti aku padha bisa angucapaké papadhané iki; iki ora liya kajaba caritané para kuna
وَإِذْ قَالُوا اللَّهُمَّ إِنْ كَانَ هَٰذَا هُوَ الْحَقَّ مِنْ عِنْدِكَ فَأَمْطِرْ عَلَيْنَا حِجَارَةً مِنَ السَّمَاءِ أَوِ ائْتِنَا بِعَذَابٍ أَلِيمٍ
Lan kalané dhèwèké padha ngucap: Dhuh Allah! manawi pu- nika barang yakti saking ngarsa Tuwan, lah mugi Tuwan anjawah- aken séla saking langit dhateng kawula, utawi andhatengaken siksa ingkang nyakiti dhateng kawula
وَمَا كَانَ اللَّهُ لِيُعَذِّبَهُمْ وَأَنْتَ فِيهِمْ ۚ وَمَا كَانَ اللَّهُ مُعَذِّبَهُمْ وَهُمْ يَسْتَغْفِرُونَ
Ananging ora bakal Allah aniksa dhèwèké ing sasuwéné sira ana ing antarané, lan ora bakal Allah aniksa dhèwèké, manawa dhèwèké padha nyuwun panga- pura
وَمَا لَهُمْ أَلَّا يُعَذِّبَهُمُ اللَّهُ وَهُمْ يَصُدُّونَ عَنِ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ وَمَا كَانُوا أَوْلِيَاءَهُ ۚ إِنْ أَوْلِيَاؤُهُ إِلَّا الْمُتَّقُونَ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُونَ
Lan apa ta tumrap dhèwèké, déné Allah ora aniksa dhèwèké, kang mangka dhèwèké padha anyegah saka Masjid Suci, sarta padha ora juru-rumeksané; ora liya juru-rumeksané iku kajaba wong kang padha prayitna , ananging dhèwèké iku sing akèh padha ora weruh

Choose other languages: