Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anbiya Ayahs #88 Translated in Jawa

فَاسْتَجَبْنَا لَهُ فَكَشَفْنَا مَا بِهِ مِنْ ضُرٍّ ۖ وَآتَيْنَاهُ أَهْلَهُ وَمِثْلَهُمْ مَعَهُمْ رَحْمَةً مِنْ عِنْدِنَا وَذِكْرَىٰ لِلْعَابِدِينَ
Ingsun nuli nerangake penyuwune Ayyub mau. Mulane kabeh lelarane Ingsun paringi waras. Anak - anake kang wis mati pada Ingsun uripake (lan Ingsun balekake keluargane Ayub marang piyambake), lan Ingsun paringi tikel maneh. Iku tumanja sih (rahmat) saka ngarsaningsun lan dadiya pepeling tumrap wongkang kumawula marang Allah
وَإِسْمَاعِيلَ وَإِدْرِيسَ وَذَا الْكِفْلِ ۖ كُلٌّ مِنَ الصَّابِرِينَ
(Muhammad, sira nyritakna) sejarahe Isma’il, Idris lan Dzul kifli. Kabeh mau kalebu golongane wong kang sabar (teguh) atine anggone padha ngabekti marang Allah
وَأَدْخَلْنَاهُمْ فِي رَحْمَتِنَا ۖ إِنَّهُمْ مِنَ الصَّالِحِينَ
Lan Ingsun wis nglebokake dadi golongae wong kang pikanthuk rahmatingsun (pangkat Nabi). Jalaran satemene dheweke iku golongane wong - wong kang padha becik
وَذَا النُّونِ إِذْ ذَهَبَ مُغَاضِبًا فَظَنَّ أَنْ لَنْ نَقْدِرَ عَلَيْهِ فَنَادَىٰ فِي الظُّلُمَاتِ أَنْ لَا إِلَٰهَ إِلَّا أَنْتَ سُبْحَانَكَ إِنِّي كُنْتُ مِنَ الظَّالِمِينَ
(Muhammad, sira nyritakna) sejarahe Yunus kang jejuluk Dzun-nun tegese duwe iwak Nun. (Mulane jejuluk mengkono, awit Yunus mau diuntal ing iwak Nun), Nalikane Yunus mutung, lolos anglungani para ummate, awit tansah dipaido. Panjenengane ora bakal Ingsun patrapi. (Lungane nunggang prahu ing segara, banjur diuntal iwak nun) Yunus munjuk ing ALlah (ana ing sajeroning wetengen iwak), "Dhuh Allah Pangeran kawula. Saestu boten wonten sesembahan klayan leres, kajawi namung Panjenengan. Panjenengan punika Maha Suci. Kawula punika nganiaya dhateng badan kula piyambak
فَاسْتَجَبْنَا لَهُ وَنَجَّيْنَاهُ مِنَ الْغَمِّ ۚ وَكَذَٰلِكَ نُنْجِي الْمُؤْمِنِينَ
Panyuwune Yunus mau Ingsun parengake, dheweke banjur diwetokake dening iwak saka wetenge. Ing kono dheweke Ingsun luwarake saka bebaya gedhe. Mengkono uga para wong Mukmin, iya Ingsun luwari saka kesusahane

Choose other languages: