Surah Al-Anaam Ayahs #74 Translated in Jawa
وَذَرِ الَّذِينَ اتَّخَذُوا دِينَهُمْ لَعِبًا وَلَهْوًا وَغَرَّتْهُمُ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا ۚ وَذَكِّرْ بِهِ أَنْ تُبْسَلَ نَفْسٌ بِمَا كَسَبَتْ لَيْسَ لَهَا مِنْ دُونِ اللَّهِ وَلِيٌّ وَلَا شَفِيعٌ وَإِنْ تَعْدِلْ كُلَّ عَدْلٍ لَا يُؤْخَذْ مِنْهَا ۗ أُولَٰئِكَ الَّذِينَ أُبْسِلُوا بِمَا كَسَبُوا ۖ لَهُمْ شَرَابٌ مِنْ حَمِيمٍ وَعَذَابٌ أَلِيمٌ بِمَا كَانُوا يَكْفُرُونَ
Lan togna baé para kang padha anganggep dodolanan lan lalahanan marang agamané, lan kang padha kacinthung déning kauripan donya, lan sira angéling- na kalawan iku, supaya aja ana jiwa sawiji kang kasrah marang karusakan déning pakolehé panggawéné dhéwé; kajabané Allah, dhèwèké ora ana panjagané, mangkono uga pantarané, lan ma- nawa dhèwèké angaturna sadhé- ngah tebusan, iku ora bakal tinompa; iki para kang bakal padha kasrah marang karusakan déning pakolehé panggawéné dhéwé; dhèwèké bakal padha olèh ombèn- ombèn arupa banyu umob sarta siksa kang anglarani, amar- ga saka anggoné padha angafiri
قُلْ أَنَدْعُو مِنْ دُونِ اللَّهِ مَا لَا يَنْفَعُنَا وَلَا يَضُرُّنَا وَنُرَدُّ عَلَىٰ أَعْقَابِنَا بَعْدَ إِذْ هَدَانَا اللَّهُ كَالَّذِي اسْتَهْوَتْهُ الشَّيَاطِينُ فِي الْأَرْضِ حَيْرَانَ لَهُ أَصْحَابٌ يَدْعُونَهُ إِلَى الْهُدَى ائْتِنَا ۗ قُلْ إِنَّ هُدَى اللَّهِ هُوَ الْهُدَىٰ ۖ وَأُمِرْنَا لِنُسْلِمَ لِرَبِّ الْعَالَمِينَ
Calathua : Apa ta aku kumu- du anguwuh liyané Allah, barang kang ora makolehi marang aku lan ora mitunani marang aku, lan dibalik marang tungkakku ing sawisé Allah anun- tun aku, kaya déné wong kang kobeng ing bumi amarga ditibak- aké déning para sétan? Dhèwèké duwé mitra, kang padha angajak- ajak dhèwèké marang dadalan bener, : Tekaa marang aku kéné. Calathua: Sayekti, tuntu- naning Allah iku tuntunan , lan aku padha didhawuhi supaya padha sumarah marang Pangéraning kabèh ngalam
وَأَنْ أَقِيمُوا الصَّلَاةَ وَاتَّقُوهُ ۚ وَهُوَ الَّذِي إِلَيْهِ تُحْشَرُونَ
Lan supaya kowé padha anjumenengaké salat sarta bekti marang Panjenengané; lan Panje- nengané iku kang – marang Panje- nengané anggonira bakal padha diimpun
وَهُوَ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ بِالْحَقِّ ۖ وَيَوْمَ يَقُولُ كُنْ فَيَكُونُ ۚ قَوْلُهُ الْحَقُّ ۚ وَلَهُ الْمُلْكُ يَوْمَ يُنْفَخُ فِي الصُّورِ ۚ عَالِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ ۚ وَهُوَ الْحَكِيمُ الْخَبِيرُ
Lan Panjenengané iku kang anitahaké langit-langit lan bumi kalawan yekti; lan ing dina Panje- nengané ngandika: Anaa, banjur ana
وَإِذْ قَالَ إِبْرَاهِيمُ لِأَبِيهِ آزَرَ أَتَتَّخِذُ أَصْنَامًا آلِهَةً ۖ إِنِّي أَرَاكَ وَقَوْمَكَ فِي ضَلَالٍ مُبِينٍ
Pangandika-Né iku yekti, lan kagungan-É karaton iku ing dinané cengkorongan padha tiniyup; Ingkang-Anguningani sing ora katon lan sing katon; lan Panjene- ngané iku Ingkang-Wicaksana, Ingkang-Waspada
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
