Surah Al-Ahqaf Ayahs #28 Translated in Jawa
فَلَمَّا رَأَوْهُ عَارِضًا مُسْتَقْبِلَ أَوْدِيَتِهِمْ قَالُوا هَٰذَا عَارِضٌ مُمْطِرُنَا ۚ بَلْ هُوَ مَا اسْتَعْجَلْتُمْ بِهِ ۖ رِيحٌ فِيهَا عَذَابٌ أَلِيمٌ
Bareng (wong ’Aad) weruh siksa arupa mendhung malang ngarepe jurang. Pangucape (wong ’Aad), "Mendung iki bakal nganaake udan, beneran ing kene wis lawas ora udan". (Pangandikaning Allah) Iki siksa kang padha sira naggege iku, angin siksa kang nglarani dudu mendhung
تُدَمِّرُ كُلَّ شَيْءٍ بِأَمْرِ رَبِّهَا فَأَصْبَحُوا لَا يُرَىٰ إِلَّا مَسَاكِنُهُمْ ۚ كَذَٰلِكَ نَجْزِي الْقَوْمَ الْمُجْرِمِينَ
Angin mau numpes wong ’Aad kabeh, ngestokake dhawuhe Pangerane. Wong ’Aad dalah omahe sirna kabeh mung kari katon patilasane. Hiya iku anggoningsun nandukake wewales marang wong kafir
وَلَقَدْ مَكَّنَّاهُمْ فِيمَا إِنْ مَكَّنَّاكُمْ فِيهِ وَجَعَلْنَا لَهُمْ سَمْعًا وَأَبْصَارًا وَأَفْئِدَةً فَمَا أَغْنَىٰ عَنْهُمْ سَمْعُهُمْ وَلَا أَبْصَارُهُمْ وَلَا أَفْئِدَتُهُمْ مِنْ شَيْءٍ إِذْ كَانُوا يَجْحَدُونَ بِآيَاتِ اللَّهِ وَحَاقَ بِهِمْ مَا كَانُوا بِهِ يَسْتَهْزِئُونَ
Lan satemene wong ’Aad mau padha Ingsun bisakake barang kang kowe ora bisa (kayata banget rosane, dawa umure, lan akeh bandhane) lan padha Ingsun paringi pangrungu pandelen lan pikir. Hewa dene bareng tinempuh ing siksa pangrungu pandeleng lan pikire ora kena dianggo madoni ayating Allah padha tinempuh siksa kang padha digeguyu
وَلَقَدْ أَهْلَكْنَا مَا حَوْلَكُمْ مِنَ الْقُرَىٰ وَصَرَّفْنَا الْآيَاتِ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ
Lan satemene Ingsun wis numpe wong padesan sakirake tondho yekti ayatingsun supaya wong kafir padha mareni anggone nasar
فَلَوْلَا نَصَرَهُمُ الَّذِينَ اتَّخَذُوا مِنْ دُونِ اللَّهِ قُرْبَانًا آلِهَةً ۖ بَلْ ضَلُّوا عَنْهُمْ ۚ وَذَٰلِكَ إِفْكُهُمْ وَمَا كَانُوا يَفْتَرُونَ
Ya gene wong kang padha mangeran liyane Allah dadi Pangerane kanggo nyedhak ing Allah amarga brahalane ora bisa nulungi dheweke. Malah sabisa-bisa padha mlayu nyingkir. Dadi anggone mangeran brahala mau tetela padha luput lan goroh
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
