Quran Apps in many lanuages:

Surah Adh-Dhariyat Ayahs #28 Translated in Jawa

هَلْ أَتَاكَ حَدِيثُ ضَيْفِ إِبْرَاهِيمَ الْمُكْرَمِينَ
(Muhammad) Apa wis weruh cerita dayohe Ibrahim yaiku (malaikat - malaikat) kang dimuliakake
إِذْ دَخَلُوا عَلَيْهِ فَقَالُوا سَلَامًا ۖ قَالَ سَلَامٌ قَوْمٌ مُنْكَرُونَ
Nalika padha mlebu ing omahe Ibrahim padha ngucap "Salamun", Ibrahim uga mangsuli "Salamun" sarta takon, "sampiyan sinten kula dereng sumerep
فَرَاغَ إِلَىٰ أَهْلِهِ فَجَاءَ بِعِجْلٍ سَمِينٍ
Ibrahim nuli noleh marang rabine, kang nuli ngeladekake pedhet lemu kang wis diolah mateng
فَقَرَّبَهُ إِلَيْهِمْ قَالَ أَلَا تَأْكُلُونَ
Nuli disuguhake marang dayohe, diaturi dhahar (nanging ora kersa)
فَأَوْجَسَ مِنْهُمْ خِيفَةً ۖ قَالُوا لَا تَخَفْ ۖ وَبَشَّرُوهُ بِغُلَامٍ عَلِيمٍ
Ibrahim banjur wedi marang dayohe. Dayohe banjur matur, "Panjenengan sampun ajrih". Dayohe banjur bebungah diwenehi kabar bakal duwe anak lanang akeh kaweruhe

Choose other languages: