Quran Apps in many lanuages:

Surah Ad-Dukhan Ayahs #40 Translated in Jawa

فَأْتُوا بِآبَائِنَا إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
Yen pangucapmu mau bener pada uripna para leluhurku kang wis padha mati
أَهُمْ خَيْرٌ أَمْ قَوْمُ تُبَّعٍ وَالَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۚ أَهْلَكْنَاهُمْ ۖ إِنَّهُمْ كَانُوا مُجْرِمِينَ
Apa dheweke (wong musyrikin) luwih gagah prakosa lan sugih karo ummate Tubba’ lan para ummat sadurunge. Hewa dene kabeh padha ditumpes awit padha kafir
وَمَا خَلَقْنَا السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا لَاعِبِينَ
Anggon-Ku gawe bumi lan langit apadene barang kang ana antarane ora dolanan tanpa gawe
مَا خَلَقْنَاهُمَا إِلَّا بِالْحَقِّ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُونَ
Anggon-Ku gawe bumi lan langit mau wis mesthi ana gunane, nanging kang akeh padha ora weruh
إِنَّ يَوْمَ الْفَصْلِ مِيقَاتُهُمْ أَجْمَعِينَ
Satemene besuk Qiyamat nalikane para kawulaningsun padha dipisah - pisah dina mau dadi karampungane perkara kabeh

Choose other languages: