Surah Aal-E-Imran Ayahs #163 Translated in Jawa
فَبِمَا رَحْمَةٍ مِنَ اللَّهِ لِنْتَ لَهُمْ ۖ وَلَوْ كُنْتَ فَظًّا غَلِيظَ الْقَلْبِ لَانْفَضُّوا مِنْ حَوْلِكَ ۖ فَاعْفُ عَنْهُمْ وَاسْتَغْفِرْ لَهُمْ وَشَاوِرْهُمْ فِي الْأَمْرِ ۖ فَإِذَا عَزَمْتَ فَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ ۚ إِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ الْمُتَوَكِّلِينَ
(He Muhammad) amarga saka Rahmat sihing Allah mulane sira mbajur lembah manah marang para kancanira kang padha kurang setia mau. Lan saupama sira iku cukengan (butengan) sarta wengis ing ati, mesthi pada kancanira kang padha kurang setia mau padha bubar (lunga) saka kiwa tengenira. Jalaran saka iku, sira ngapura saka (pialaning) wong-wong mau, lan padha suwuna pangapuraning dosane lan padha sira ajaka rerembugan perkara lakuning perang. Dene yen sira wis nedya nindakake perkara, supaya sira pasraha (tawakkala) marang Allah. Satemene Allah iku remen wong kang padha pasrah (tawakkal) marang Panjenengane
إِنْ يَنْصُرْكُمُ اللَّهُ فَلَا غَالِبَ لَكُمْ ۖ وَإِنْ يَخْذُلْكُمْ فَمَنْ ذَا الَّذِي يَنْصُرُكُمْ مِنْ بَعْدِهِ ۗ وَعَلَى اللَّهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُونَ
Manawa Allah nulungi sira kabeh, mesthi ora ana kang bisa ngalahake. Lan manawa Allah nginakake (ngalahake), lan sapa kang kuwagang nulungi ing sira. Para wong mukmin supaya padha tawakkal marang panjenengane Allah
وَمَا كَانَ لِنَبِيٍّ أَنْ يَغُلَّ ۚ وَمَنْ يَغْلُلْ يَأْتِ بِمَا غَلَّ يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۚ ثُمَّ تُوَفَّىٰ كُلُّ نَفْسٍ مَا كَسَبَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُونَ
Nabi (Muhammad) iku ora bakal kersa cidra (pangeduming jarahan). Awit sing sapa cidra perkara jarahan, besuk dina Qiyamat barang kang dicidrakake mau diwujudake (nuli disunggekake marang wong kang cidra). Sabanjure sarupane awak padha diwales apa benere, miturut apa kang wis padha ditindakake, tur kabeh ora ana kang dianiaya
أَفَمَنِ اتَّبَعَ رِضْوَانَ اللَّهِ كَمَنْ بَاءَ بِسَخَطٍ مِنَ اللَّهِ وَمَأْوَاهُ جَهَنَّمُ ۚ وَبِئْسَ الْمَصِيرُ
Apa iya wong kang dherek keparenging Allah (ora cidra) iku padha bae wong kang nrajang dedukaning Allah (cidra)? (mesthi ora padha). Panggonane wong kang cidra iku ana neraka Jahannam, yaiku ala alaning panggonan bali
هُمْ دَرَجَاتٌ عِنْدَ اللَّهِ ۗ وَاللَّهُ بَصِيرٌ بِمَا يَعْمَلُونَ
Wong kang padha ndherek keparenging Allah mau ana ngersane Allah padha duwe derajat (pangkat). Dene Allah iku mriksani samu barang kang padha ditindakake
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
