Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #57 Translated in Jawa

وَمَا أُبَرِّئُ نَفْسِي ۚ إِنَّ النَّفْسَ لَأَمَّارَةٌ بِالسُّوءِ إِلَّا مَا رَحِمَ رَبِّي ۚ إِنَّ رَبِّي غَفُورٌ رَحِيمٌ
Lan ora pisan aku angaku suci; sayekti ati iku lumrahé masthi angajani marang ala, kajaba sapa-sapa kang sinihan ing Pangé- ranku; sayekti Pangéranku iku Aparamarta, Mahaasih
وَقَالَ الْمَلِكُ ائْتُونِي بِهِ أَسْتَخْلِصْهُ لِنَفْسِي ۖ فَلَمَّا كَلَّمَهُ قَالَ إِنَّكَ الْيَوْمَ لَدَيْنَا مَكِينٌ أَمِينٌ
Lan Sang Nata ngandika: Dhèwèké tekakna mréné, arep dak pilih dadi pipijènku. Bareng panje- nengané wis wawansabda karo dhèwèké, pangandikané: Sayekti, ing dina iki kowé ana ing ngarsaku dadi wong kang kinurmatan, pinracaya
قَالَ اجْعَلْنِي عَلَىٰ خَزَائِنِ الْأَرْضِ ۖ إِنِّي حَفِيظٌ عَلِيمٌ
Aturé: Mugi kula kinula- wisuda anguwasani bandha nagari; saèstu kula punika juru-rumeksa ingkang saé, sumerep saèstu
وَكَذَٰلِكَ مَكَّنَّا لِيُوسُفَ فِي الْأَرْضِ يَتَبَوَّأُ مِنْهَا حَيْثُ يَشَاءُ ۚ نُصِيبُ بِرَحْمَتِنَا مَنْ نَشَاءُ ۖ وَلَا نُضِيعُ أَجْرَ الْمُحْسِنِينَ
Lan kaya mangkono iku ang- gon-Ingsun aparing pangawasa ing bumi marang Yusuf – dhèwèké anyekel wewenang ing kono, ing ngendi sakarepé; Ingsun anurunaké wilasa-Ningsun marang sapa kang dadi kapareng-Ingsun, lan Ingsun ora angilangaké ganjarané wong kang padha alaku becik
وَلَأَجْرُ الْآخِرَةِ خَيْرٌ لِلَّذِينَ آمَنُوا وَكَانُوا يَتَّقُونَ
Lan sayekti ganjaran akhirat iku luwih becik tumrap para kang padha angestu sarta kang padha prayitna

Choose other languages: