Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #30 Translated in Jawa

قَالَ هِيَ رَاوَدَتْنِي عَنْ نَفْسِي ۚ وَشَهِدَ شَاهِدٌ مِنْ أَهْلِهَا إِنْ كَانَ قَمِيصُهُ قُدَّ مِنْ قُبُلٍ فَصَدَقَتْ وَهُوَ مِنَ الْكَاذِبِينَ
calathu: Piyam- bakipun si wadon punika ingkang angangkah supados kula tumiyung dhateng awakipun. Lan ana sawiji- ning saksi kalebu kulawargané kang anglahiraké pasaksi: Manawi rasukanipun suwèk saking ngajeng lah pun èstri ingkang temen, sarta pun jaler golongan- ipun para doracara
وَإِنْ كَانَ قَمِيصُهُ قُدَّ مِنْ دُبُرٍ فَكَذَبَتْ وَهُوَ مِنَ الصَّادِقِينَ
Lan manawi rasukanipun suwèk saking wingking, lah pun èstri ingkang dora sarta pun jaler golonganipun para tiyang temen
فَلَمَّا رَأَىٰ قَمِيصَهُ قُدَّ مِنْ دُبُرٍ قَالَ إِنَّهُ مِنْ كَيْدِكُنَّ ۖ إِنَّ كَيْدَكُنَّ عَظِيمٌ
Mulané bareng weruh kulam- biné suwèké saka ing buri, acalathu: Sayekti iku kalebu kajuli- ganmu para wadon; sanyata kajuliganmu iku gedhé
يُوسُفُ أَعْرِضْ عَنْ هَٰذَا ۚ وَاسْتَغْفِرِي لِذَنْبِكِ ۖ إِنَّكِ كُنْتِ مِنَ الْخَاطِئِينَ
O, Yusuf, birata saka ing iki; déné kowé anyuwuna pangapura ing dosamu, sanyata kowé iku golongané para wong atindak luput
وَقَالَ نِسْوَةٌ فِي الْمَدِينَةِ امْرَأَتُ الْعَزِيزِ تُرَاوِدُ فَتَاهَا عَنْ نَفْسِهِ ۖ قَدْ شَغَفَهَا حُبًّا ۖ إِنَّا لَنَرَاهَا فِي ضَلَالٍ مُبِينٍ
Lan para wadon ing sajroning kutha padha calathu: Garwaning Sang Adipati angarah abdiné supaya tumiyunga marang awaké; sayekti dhèwèké banget kapranan ing sih marang awaké; sayekti, panyawangku kabèh, si wadon iku dumunung ana ing sasar kang tétéla

Choose other languages: