Quran Apps in many lanuages:

Surah Sad Ayahs #5 Translated in Jawa

ص ۚ وَالْقُرْآنِ ذِي الذِّكْرِ
Shaad, Demi al-Quran kang terang lan mulya
بَلِ الَّذِينَ كَفَرُوا فِي عِزَّةٍ وَشِقَاقٍ
Ora kaya pangucape si kafir (anggone nganggep Pangeran iku ora mung siji) iku gumedhe nyulayani Allah lan rasule
كَمْ أَهْلَكْنَا مِنْ قَبْلِهِمْ مِنْ قَرْنٍ فَنَادَوْا وَلَاتَ حِينَ مَنَاصٍ
Pira bahe akehe ummat ing zaman kuna, sadurunge si kafir, padha Ingsun tumpes marga saka dosane. Nalika tampa ing siksa para ummat mau padha sesambat. Saiki ora ana pangungsen
وَعَجِبُوا أَنْ جَاءَهُمْ مُنْذِرٌ مِنْهُمْ ۖ وَقَالَ الْكَافِرُونَ هَٰذَا سَاحِرٌ كَذَّابٌ
Si kafir padha gumun, dene katekan utusaning Allah juru pangeling saka kancane dhewe, Pangucape si kafir, "iki juru-sihir kang goroh
أَجَعَلَ الْآلِهَةَ إِلَٰهًا وَاحِدًا ۖ إِنَّ هَٰذَا لَشَيْءٌ عُجَابٌ
Ya gene panemune (Muhammad), Pangeran iku mung siji bahe, perkara iki hanggumunake banget

Choose other languages: