Quran Apps in many lanuages:

Surah Muhammad Ayahs #26 Translated in Jawa

فَهَلْ عَسَيْتُمْ إِنْ تَوَلَّيْتُمْ أَنْ تُفْسِدُوا فِي الْأَرْضِ وَتُقَطِّعُوا أَرْحَامَكُمْ
Bok menawa kowe nyekel kuasa apa banjur bali gawe rusak ana bumi lan padha medhot paseduluran
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ لَعَنَهُمُ اللَّهُ فَأَصَمَّهُمْ وَأَعْمَىٰ أَبْصَارَهُمْ
Wong kang mangkono mau padha dibendoni Allah mulane Allah banjur budhegake lan micakake pandelenge wong mau
أَفَلَا يَتَدَبَّرُونَ الْقُرْآنَ أَمْ عَلَىٰ قُلُوبٍ أَقْفَالُهَا
Ya gene (wong lamis mau) pra padha gagas (mikir - mikir) surasane al-Quran atine malah padha dikunci
إِنَّ الَّذِينَ ارْتَدُّوا عَلَىٰ أَدْبَارِهِمْ مِنْ بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمُ الْهُدَى ۙ الشَّيْطَانُ سَوَّلَ لَهُمْ وَأَمْلَىٰ لَهُمْ
Sarupane wong kang wis terang marang pituduh bener nanging banjur balik dadi kafir lan lamis. Setan banjur godha wong mau (gampang gawe dosa) lan dawakake angen - angene
ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ قَالُوا لِلَّذِينَ كَرِهُوا مَا نَزَّلَ اللَّهُ سَنُطِيعُكُمْ فِي بَعْضِ الْأَمْرِ ۖ وَاللَّهُ يَعْلَمُ إِسْرَارَهُمْ
Tetelaning panggodha, wong lamis mau padha bebisik marang wong kang padha sengit marang alQuran (wong kafir), "Aku bakal biyantu sawatara marang kowe". Allah nguningani wadine wong lamis mau

Choose other languages: