Quran Apps in many lanuages:

Surah Az-Zukhruf Ayahs #89 Translated in Jawa

وَلَا يَمْلِكُ الَّذِينَ يَدْعُونَ مِنْ دُونِهِ الشَّفَاعَةَ إِلَّا مَنْ شَهِدَ بِالْحَقِّ وَهُمْ يَعْلَمُونَ
Barang liyane Allah kang padha disembah dening wong kafir ora duwe syafa’at, ora wenang nyuwunake pikoleh tumrap marang liyane. Kajaba kang ngucap, "Ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah" sarta nganggep lan weruh surasane
وَلَئِنْ سَأَلْتَهُمْ مَنْ خَلَقَهُمْ لَيَقُولُنَّ اللَّهُ ۖ فَأَنَّىٰ يُؤْفَكُونَ
Menawa sira takon marang wong mangro tingal, "Sapa kang gawe kowe kabeh lan barahala - barahal mau?" Mesthi padha mangsuli, "Ingkang damel inggih Allah". Sawise kondha mangkono kapriye anggone selak anggone nyembah Allah
وَقِيلِهِ يَا رَبِّ إِنَّ هَٰؤُلَاءِ قَوْمٌ لَا يُؤْمِنُونَ
Lan maneh Allah nguningani hunjuke Muhammad, "Dhuh Pangeran kawula. tiyang kagir punika sami boten pitados ing Paduka
فَاصْفَحْ عَنْهُمْ وَقُلْ سَلَامٌ ۚ فَسَوْفَ يَعْلَمُونَ
Dhawuhing Allah, "(Muhammad) sira mung malengosa marang wong kafir mau, Lan ngucapa, "Aku dhasar selamet". Ing tembe wong kafir bakal padha weruh kadadeyane awake

Choose other languages: