Quran Apps in many lanuages:

Surah Az-Zukhruf Ayahs #59 Translated in Jawa

فَلَمَّا آسَفُونَا انْتَقَمْنَا مِنْهُمْ فَأَغْرَقْنَاهُمْ أَجْمَعِينَ
Cekake bareng Fir’aun sabalane padha gawe dukaningsun banjur padha Ingsun siksa. Mulane Ingsun kelem kabeh ana ing segara
فَجَعَلْنَاهُمْ سَلَفًا وَمَثَلًا لِلْآخِرِينَ
Fir’aun sabalane mau banjur Ingsun dadekake upama tumrap marang para ummat kang keri
وَلَمَّا ضُرِبَ ابْنُ مَرْيَمَ مَثَلًا إِذَا قَوْمُكَ مِنْهُ يَصِدُّونَ
(Muhammad) Bareng Isa anake Maryam dianggo paribasan (anggone disembah dening para wong Nashara) ing kono para ummatira wong turun Qurais padha bungah
وَقَالُوا أَآلِهَتُنَا خَيْرٌ أَمْ هُوَ ۚ مَا ضَرَبُوهُ لَكَ إِلَّا جَدَلًا ۚ بَلْ هُمْ قَوْمٌ خَصِمُونَ
Pangucape, "Becik endi ta Pangeran (sesembahanku apa dheweke (Isa))?". Dheweke ora gawe paribasan mau marang kowe perlune ora liwat mung madoni, para ummatira kang mangkono mau tetep wong madoni weweton barang kang ora bener
إِنْ هُوَ إِلَّا عَبْدٌ أَنْعَمْنَا عَلَيْهِ وَجَعَلْنَاهُ مَثَلًا لِبَنِي إِسْرَائِيلَ
Isa iku dudu barang - barang mung kawulaningsun kang diparingi kabungahan dadi nabi, sarta Ingsun anggo upama marang para turuning Israil

Choose other languages: