Quran Apps in many lanuages:

Surah Az-Zukhruf Ayahs #46 Translated in Jawa

أَوْ نُرِيَنَّكَ الَّذِي وَعَدْنَاهُمْ فَإِنَّا عَلَيْهِمْ مُقْتَدِرُونَ
Utawa kena uga sira Ingsun nuntunake kelakoning siksa kang Ingsun pancasake marang wong kang padha nyulalayani al-Quran. Ingsun kuasa nyiksa
فَاسْتَمْسِكْ بِالَّذِي أُوحِيَ إِلَيْكَ ۖ إِنَّكَ عَلَىٰ صِرَاطٍ مُسْتَقِيمٍ
Saiki sira mung ngugemana pangandikaningsun kang wis didhawuhake, sira iku ngambah dalan kang bener
وَإِنَّهُ لَذِكْرٌ لَكَ وَلِقَوْمِكَ ۖ وَسَوْفَ تُسْأَلُونَ
Al-Quran iku kamulyan gedhe tumrap sira lan ummatira ing tembe manungsa padha didhangu (anggone nindhakake dhawuhing Allah)
وَاسْأَلْ مَنْ أَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ مِنْ رُسُلِنَا أَجَعَلْنَا مِنْ دُونِ الرَّحْمَٰنِ آلِهَةً يُعْبَدُونَ
Takonna para rasul padha Ingsun utus sadurungira apa hiya Ingsun ngedekake Pangeran kang sinembah liyane Allah kang Maha Murah
وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا مُوسَىٰ بِآيَاتِنَا إِلَىٰ فِرْعَوْنَ وَمَلَئِهِ فَقَالَ إِنِّي رَسُولُ رَبِّ الْعَالَمِينَ
Biyen Ingsun wis ngutus Musa kanthi tondho yekti pirang - pirang, diutus nyurup - nyurupake marang Fir’aun sabalane. Dhawuhe, "Aku utusaning Allah Pangerane wong alam kabeh

Choose other languages: