Quran Apps in many lanuages:

Surah At-Tahrim Ayahs #10 Translated in Jawa

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنْفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا وَقُودُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلَائِكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَا يَعْصُونَ اللَّهَ مَا أَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُونَ مَا يُؤْمَرُونَ
Para mukmin! sira jagaa awakira lan para warganira aja nganti kecemplung ing neraka, kang urub - urube manungsa lan watu, kang jaga para Malaikat gedhe dhuwur gagah prakosa, ora tau nglirwakake parentahe Allah padha ngelakoni sabarang dhawuhing Allah
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ كَفَرُوا لَا تَعْتَذِرُوا الْيَوْمَ ۖ إِنَّمَا تُجْزَوْنَ مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
Para kafir: Ing dina qiyamat iku sira aja nganggo madoni mratelakake sebab - sebab anggonira padha ngelakoni duraka, anane sira disiksa, mung wewalese pihala kang wis padha sira lakoni
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا تُوبُوا إِلَى اللَّهِ تَوْبَةً نَصُوحًا عَسَىٰ رَبُّكُمْ أَنْ يُكَفِّرَ عَنْكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيُدْخِلَكُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ يَوْمَ لَا يُخْزِي اللَّهُ النَّبِيَّ وَالَّذِينَ آمَنُوا مَعَهُ ۖ نُورُهُمْ يَسْعَىٰ بَيْنَ أَيْدِيهِمْ وَبِأَيْمَانِهِمْ يَقُولُونَ رَبَّنَا أَتْمِمْ لَنَا نُورَنَا وَاغْفِرْ لَنَا ۖ إِنَّكَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Para mukmin! Padha tobata ing Allah kang temen. Allah muga ngapuraha lan muwunga halanira, muga nglebokna sira ing suwarga kang ana bengawane mili ana ngisore kekayon, (kelakone kang mangkono mahu besuk dina Qiyamat) ing kono Allah ora ngasoorake Nabi (Muhammad) lan para kancane kang mukmin cahyane padha mencorong madhangi ing ngarepe lan ing kono tangane padha munjuk ing Allah. Dhuh Pangeran! Paduka mugi nyampurnakna cahya kawula lan mugi ngapura dhumateng kawula, Paduka punika nguwasani samu kawis
يَا أَيُّهَا النَّبِيُّ جَاهِدِ الْكُفَّارَ وَالْمُنَافِقِينَ وَاغْلُظْ عَلَيْهِمْ ۚ وَمَأْوَاهُمْ جَهَنَّمُ ۖ وَبِئْسَ الْمَصِيرُ
He nabi, sira peranga nglawan para wong kafir lan para wong lamis. Kabeh padha sira sentosanana. Besuk ana akherat wong kafir mau padha ana neraka Jahannam. Hala temen kawusanan kang mangkono iku
ضَرَبَ اللَّهُ مَثَلًا لِلَّذِينَ كَفَرُوا امْرَأَتَ نُوحٍ وَامْرَأَتَ لُوطٍ ۖ كَانَتَا تَحْتَ عَبْدَيْنِ مِنْ عِبَادِنَا صَالِحَيْنِ فَخَانَتَاهُمَا فَلَمْ يُغْنِيَا عَنْهُمَا مِنَ اللَّهِ شَيْئًا وَقِيلَ ادْخُلَا النَّارَ مَعَ الدَّاخِلِينَ
Allah anggelar upama tumrap wong kang padha kafir kang dianggo upama rabine Nuh lan Luth. Wong wadon loro mau padha dadi rabine kawulaningsun wong loro, padha wong becik. Nanging wong wadon loro mau padha cidra marang lakine. Nuh lan Luth padha ora bisa ngayomi sethithika marang rabine, nyuwunake wurung siksaning Allah. Wong wadon loro mau padha tampa dhawuh, "Sira padha mlebua ing neraka, awor wong kang padha malebu ing neraka

Choose other languages: