Quran Apps in many lanuages:

Surah At-Taghabun Ayahs #8 Translated in Jawa

يَعْلَمُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَيَعْلَمُ مَا تُسِرُّونَ وَمَا تُعْلِنُونَ ۚ وَاللَّهُ عَلِيمٌ بِذَاتِ الصُّدُورِ
Allah nguningani isining langit lan bumi, lan nguningani barang kang padha sira umpetake lan sira edheng, Allah iku nguningani sakerenteking ati
أَلَمْ يَأْتِكُمْ نَبَأُ الَّذِينَ كَفَرُوا مِنْ قَبْلُ فَذَاقُوا وَبَالَ أَمْرِهِمْ وَلَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ
(Para wong kafir) apa sira dhurung padha weruh ceritane para wong kafir sadurungmu, rekasane padha ngrasakake patrapan anggone padha kafir uga padha dipatrapi siksa kang nglarani
ذَٰلِكَ بِأَنَّهُ كَانَتْ تَأْتِيهِمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنَاتِ فَقَالُوا أَبَشَرٌ يَهْدُونَنَا فَكَفَرُوا وَتَوَلَّوْا ۚ وَاسْتَغْنَى اللَّهُ ۚ وَاللَّهُ غَنِيٌّ حَمِيدٌ
Anggone mangkono marga wong kafir mau didhawuhi dening para Rasule kanthi tandha yekti pirang - pirang. Wangsulane, "Apa manungsa bisa nuduhake dalan bener marang aku?" wong mau banjur padha kafir lan mlengos. Allah tetela ora butuh marang pracayane si kafir. Allah ora butuh marang sapa - sapa, tur panthes hing ngalembana
زَعَمَ الَّذِينَ كَفَرُوا أَنْ لَنْ يُبْعَثُوا ۚ قُلْ بَلَىٰ وَرَبِّي لَتُبْعَثُنَّ ثُمَّ لَتُنَبَّؤُنَّ بِمَا عَمِلْتُمْ ۚ وَذَٰلِكَ عَلَى اللَّهِ يَسِيرٌ
Panemune wong kafir ig tembe ora bakal ditangekake saka pati. (Muhammad) dhawuha, "Ora mangkono. Demi Pangeranku, besuk dina QIyamat kowe mesthi ditangekake saka pati, banjur dijelentrehi samu barang kang wis padha sira lakoni. Kang mangkono mau mungguhe Allah barang kang gampang wae
فَآمِنُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ وَالنُّورِ الَّذِي أَنْزَلْنَا ۚ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرٌ
Mulane padha percaya ing Allah lan utusane, lan percaya marang al-Quran yaiku pepadha kang wis Ingsun dhawuhake. Allah waspada marang samu barang kang padha sira lakoni

Choose other languages: