Quran Apps in many lanuages:

Surah As-Saaffat Ayahs #101 Translated in Jawa

قَالُوا ابْنُوا لَهُ بُنْيَانًا فَأَلْقُوهُ فِي الْجَحِيمِ
Ummate Ibrahim celathu, "Sarehne Ibrahim iku makewuhi anggonku padha nyembah brahala, saiki gawekna panjaga nuli cemplunna ing geni
فَأَرَادُوا بِهِ كَيْدًا فَجَعَلْنَاهُمُ الْأَسْفَلِينَ
Karepe ummate Ibrahim, geni mau dienggo maheka dheweke, nanging para ummate mahu weksasane Ingsun dadekake asor (paekane ora tumama, geni dadi anyep, Ibrahim metu saka ing geni kelawan selamet)
وَقَالَ إِنِّي ذَاهِبٌ إِلَىٰ رَبِّي سَيَهْدِينِ
Ibrahim celathu, "Aku sowan marang ngarsaning Allah Pangeranku ing tembe Allah paring pituduh dalan bener marang aku
رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ
Dhuh Pangeran kawula paduka mugi paring akan sahe dumateng kawula
فَبَشَّرْنَاهُ بِغُلَامٍ حَلِيمٍ
Ingsun banjur ambebungan (marang Ibrahim) diparingi weruh yen arep dhuwe anak lanang kang becik kelakuane (aran Ismail) bekti marang wong tuwane tur welasan

Choose other languages: