Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #10 Translated in Jawa

4:6
وَابْتَلُوا الْيَتَامَىٰ حَتَّىٰ إِذَا بَلَغُوا النِّكَاحَ فَإِنْ آنَسْتُمْ مِنْهُمْ رُشْدًا فَادْفَعُوا إِلَيْهِمْ أَمْوَالَهُمْ ۖ وَلَا تَأْكُلُوهَا إِسْرَافًا وَبِدَارًا أَنْ يَكْبَرُوا ۚ وَمَنْ كَانَ غَنِيًّا فَلْيَسْتَعْفِفْ ۖ وَمَنْ كَانَ فَقِيرًا فَلْيَأْكُلْ بِالْمَعْرُوفِ ۚ فَإِذَا دَفَعْتُمْ إِلَيْهِمْ أَمْوَالَهُمْ فَأَشْهِدُوا عَلَيْهِمْ ۚ وَكَفَىٰ بِاللَّهِ حَسِيبًا
Lan sira padha nitipriksa kahananing bocah yatim nganti tekan dewasa (baligh wayahe rabi). Ing kono manawa muturut panimbangira bocah yatim mau wis pinter, bandhane nuli sira wenehake marang bocah mau. Lan sira aja wani-wani mangan bandhane bocah yatim kelawan ora bener nggege entek ing bandha mau. Lan sapa kang nguwasani bandhane bocah yatim iku sugih, aja mangan babar pisan marang bandhane bocah yatim. Nanging yen kekurangan, ya mangana bandhane kelawan becik (bener). Dene manawa sira padha masrahake bandhane bocah yatim kang nduweni bandha mau, sira padha neksekna temene bocah yatim mau wis nampa bandhane. Lan wis cukup Allah dadi Panimbang
4:7
لِلرِّجَالِ نَصِيبٌ مِمَّا تَرَكَ الْوَالِدَانِ وَالْأَقْرَبُونَ وَلِلنِّسَاءِ نَصِيبٌ مِمَّا تَرَكَ الْوَالِدَانِ وَالْأَقْرَبُونَ مِمَّا قَلَّ مِنْهُ أَوْ كَثُرَ ۚ نَصِيبًا مَفْرُوضًا
Wong-wong lanang padha duwe panduman saka barang tetinggalane wong tuwa loro (bapabiyung) utawa saka sanak sedulure. Wong-wong wadon iya padha duwe panduman saka barang tetinggalane wong tuwa loro (bapabiyunge) utawa saka sanak sedulure, ana kang mung nampa sethithik utawa akeh. Mangkono iku panduman kang wis tinamtokake
4:8
وَإِذَا حَضَرَ الْقِسْمَةَ أُولُو الْقُرْبَىٰ وَالْيَتَامَىٰ وَالْمَسَاكِينُ فَارْزُقُوهُمْ مِنْهُ وَقُولُوا لَهُمْ قَوْلًا مَعْرُوفًا
He wong kang padha tampa panduman waris, manawa anak sanak sadulur kang benere ora oleh panduman, lan bocah yatim, apa dene para wong miskin padha teka meruhi pengedume barang tinggalan iku padha sira ujurana (sadurunge barang mau dibage marang para waris kang mesthi nompa) lan padha sira tandukana tembung kang becik lan manis
4:9
وَلْيَخْشَ الَّذِينَ لَوْ تَرَكُوا مِنْ خَلْفِهِمْ ذُرِّيَّةً ضِعَافًا خَافُوا عَلَيْهِمْ فَلْيَتَّقُوا اللَّهَ وَلْيَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا
Lan sira padha nguwarna wong kang padha lara banget, kang manawa mati sarta sapungkure tinggal anak cilik. Anak cilik mau dikuwatirake mbokmanawa ora kopen, mulane sira padha bektia marang Allah, lan mituturana marang wong kang lara mau kelawan pitutur kang becik
إِنَّ الَّذِينَ يَأْكُلُونَ أَمْوَالَ الْيَتَامَىٰ ظُلْمًا إِنَّمَا يَأْكُلُونَ فِي بُطُونِهِمْ نَارًا ۖ وَسَيَصْلَوْنَ سَعِيرًا
Satemene wong kang padha mangan bandhane bocah yatim kelawan panganiaya iku prasasat ngiseni wetenge kelawan geni neraka, ing besuk bakal dicemplungake ing neraka Sa’ir

Choose other languages: