Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #85 Translated in Jawa

وَاللَّهُ جَعَلَ لَكُمْ مِمَّا خَلَقَ ظِلَالًا وَجَعَلَ لَكُمْ مِنَ الْجِبَالِ أَكْنَانًا وَجَعَلَ لَكُمْ سَرَابِيلَ تَقِيكُمُ الْحَرَّ وَسَرَابِيلَ تَقِيكُمْ بَأْسَكُمْ ۚ كَذَٰلِكَ يُتِمُّ نِعْمَتَهُ عَلَيْكُمْ لَعَلَّكُمْ تُسْلِمُونَ
Lan Allah wus andadèk- aké apa kang wus Katitahaké minangka pangéyuban tumrap ing sira sarta wus andadèkaké gunung-gunung minangka pa- ngungsèn tumrap ing sira, apa déné wus aparing sasandhangan marang sira minangka pangreksanira saka ing panas lan manèh anggon- anggon minangka pangreksanira perang- ira; kaya mangkono anggoné Panjenengané anyampurnakaké nugrahané marang sira, supaya sira padha sumaraha
فَإِنْ تَوَلَّوْا فَإِنَّمَا عَلَيْكَ الْبَلَاغُ الْمُبِينُ
Nanging manawa dhèwèké padha mléngos, lah sasangganira iku mung anekakaké kalawan terang
يَعْرِفُونَ نِعْمَتَ اللَّهِ ثُمَّ يُنْكِرُونَهَا وَأَكْثَرُهُمُ الْكَافِرُونَ
Dhèwèké padha meruhi nu- grahaning Allah, iku dhèwèké tumuli anyélaki, lan sing akèh padha ora atur panuwun
وَيَوْمَ نَبْعَثُ مِنْ كُلِّ أُمَّةٍ شَهِيدًا ثُمَّ لَا يُؤْذَنُ لِلَّذِينَ كَفَرُوا وَلَا هُمْ يُسْتَعْتَبُونَ
Lan ing dinané Ingsun anju- menengaké sawijining saksi saka siji-sijining umat banjur ora ana idin diparingaké marang para kang padha kafir sarta ora padha rinilan nyuwun nugraha
وَإِذَا رَأَى الَّذِينَ ظَلَمُوا الْعَذَابَ فَلَا يُخَفَّفُ عَنْهُمْ وَلَا هُمْ يُنْظَرُونَ
Lan nalikané para kang padha atindak dudu andeleng siksa, lah ora bakal diènthèngaké tumrap dhèwèké lan ora bakal padha pinaringan sumené

Choose other languages: