Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #49 Translated in Jawa

أَفَأَمِنَ الَّذِينَ مَكَرُوا السَّيِّئَاتِ أَنْ يَخْسِفَ اللَّهُ بِهِمُ الْأَرْضَ أَوْ يَأْتِيَهُمُ الْعَذَابُ مِنْ حَيْثُ لَا يَشْعُرُونَ
Lah apa ta para kang padha angragum paékan ala padha rumasa santosa, yèn Allah bakal angasoraké dhèwèké ing bumi, utawa yèn siksa bakal anekani dhèwèké saka ngendi-endi kang dhèwèké ora anggraita
أَوْ يَأْخُذَهُمْ فِي تَقَلُّبِهِمْ فَمَا هُمْ بِمُعْجِزِينَ
Utawa Panjenengané amatra- pi dhèwèké sajroné padha lulu- ngan; lah ora bakal dhèwèké padha bisa oncat
أَوْ يَأْخُذَهُمْ عَلَىٰ تَخَوُّفٍ فَإِنَّ رَبَّكُمْ لَرَءُوفٌ رَحِيمٌ
Utawa Panjenengané ama- trapi dhèwèké kalawan nandhang kalonglongan saka sathithik; awit sayekti Pangéranira iku temen Welas, Mahaasih
أَوَلَمْ يَرَوْا إِلَىٰ مَا خَلَقَ اللَّهُ مِنْ شَيْءٍ يَتَفَيَّأُ ظِلَالُهُ عَنِ الْيَمِينِ وَالشَّمَائِلِ سُجَّدًا لِلَّهِ وَهُمْ دَاخِرُونَ
Apa ta padha ora andeleng marang samubarang kang wus katitahaké déning Allah? Ayang- ayangé padha ngalih saka tengen lan kiwa, sumungkem marang Allah, kang mangka dhèwèké padha banget asoré
وَلِلَّهِ يَسْجُدُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ مِنْ دَابَّةٍ وَالْمَلَائِكَةُ وَهُمْ لَا يَسْتَكْبِرُونَ
Lan marang Allah anggoné sumungkem samubarang ing langit-langit lan samubarang ing bumi kayata gegremet, lan para malaikat, lan padha ora gumedhé

Choose other languages: