Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Qamar Ayahs #11 Translated in Jawa

خُشَّعًا أَبْصَارُهُمْ يَخْرُجُونَ مِنَ الْأَجْدَاثِ كَأَنَّهُمْ جَرَادٌ مُنْتَشِرٌ
Pandelenge padha konjem, dene manungsa padha metu saka kubure memper walang kang bingung
مُهْطِعِينَ إِلَى الدَّاعِ ۖ يَقُولُ الْكَافِرُونَ هَٰذَا يَوْمٌ عَسِرٌ
Padha rebut dhujang (rikat) marani pangundang mau. Wong - wong kafir padha ngucap, "iki dina kang rekasa
كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوحٍ فَكَذَّبُوا عَبْدَنَا وَقَالُوا مَجْنُونٌ وَازْدُجِرَ
Sadurunge dheweke, para umate Nuh biyen hiya padha maido marang kawulaningsun Nuh. Pangucape, "Nuh iku wong edan", lan padha nganiaya
فَدَعَا رَبَّهُ أَنِّي مَغْلُوبٌ فَانْتَصِرْ
Bareng wis lawas Nuh banjur nyenyuwun ing Pangerane, "Kawula kawon kaliyan ummat kawula, mila mugi Paduka paring pitulung
فَفَتَحْنَا أَبْوَابَ السَّمَاءِ بِمَاءٍ مُنْهَمِرٍ
Ingsun (Allah) banjur bukak lawanging langit nuli metu banyu kang sok - sokan

Choose other languages: