Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Qalam Ayahs #36 Translated in Jawa

عَسَىٰ رَبُّنَا أَنْ يُبْدِلَنَا خَيْرًا مِنْهَا إِنَّا إِلَىٰ رَبِّنَا رَاغِبُونَ
Allah Pangeranku muga paring ijol kang luwih becik tinimbang tanduranku kang wis kobong dadi awu, muga tobatku iki ditarima ing Pangeranku (Allah banjur nerima tobate)
كَذَٰلِكَ الْعَذَابُ ۖ وَلَعَذَابُ الْآخِرَةِ أَكْبَرُ ۚ لَوْ كَانُوا يَعْلَمُونَ
Kang mangkono iku ewoning siksa ing donya, lan sayekti siksa ing akherat luwih gedhe (abot) yen ta dheweke padha weruha (mesthi ora gelem nglakoni dosa)
إِنَّ لِلْمُتَّقِينَ عِنْدَ رَبِّهِمْ جَنَّاتِ النَّعِيمِ
Tumrap sing bekti ing Allah ana ngarsane Pangerane padha oleh ganjaran suwarga Na’im
أَفَنَجْعَلُ الْمُسْلِمِينَ كَالْمُجْرِمِينَ
Lan apa ta para wong kang sumarah bakal Ingsun dadekake kaya wong duraka
مَا لَكُمْ كَيْفَ تَحْكُمُونَ
Ya gene sira wong duraka (kafir) padha nganggep padha wae

Choose other languages: