Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Qalam Ayahs #32 Translated in Jawa

قَالَ أَوْسَطُهُمْ أَلَمْ أَقُلْ لَكُمْ لَوْلَا تُسَبِّحُونَ
Wong mau kang becik celathu mangkene, "Aku wis kondho menyang kowe, yo gene kowe ora padha maha sucekake (Gusti Allah)
قَالُوا سُبْحَانَ رَبِّنَا إِنَّا كُنَّا ظَالِمِينَ
Dheweke (sing duwe palemahan) banjur padha ngucap, "Dhuh Allah Pangeran kawula, Paduka punika Maha Suci kawula sampun ngakeni kalepatan (sami nganiaya)
فَأَقْبَلَ بَعْضُهُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ يَتَلَاوَمُونَ
Wong mau siji lan sijine banjur padha tutuh tinutuh
قَالُوا يَا وَيْلَنَا إِنَّا كُنَّا طَاغِينَ
Padha ngucap, "O, cilaka temen aku iki (aku wis rumangsa luput) kapriye yen ora oleh pangapura
عَسَىٰ رَبُّنَا أَنْ يُبْدِلَنَا خَيْرًا مِنْهَا إِنَّا إِلَىٰ رَبِّنَا رَاغِبُونَ
Allah Pangeranku muga paring ijol kang luwih becik tinimbang tanduranku kang wis kobong dadi awu, muga tobatku iki ditarima ing Pangeranku (Allah banjur nerima tobate)

Choose other languages: