Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Muddaththir Ayahs #32 Translated in Jawa

لَا تُبْقِي وَلَا تَذَرُ
Neraka saqar mau ora ngawetake, sadhengah kang kacemplung ing kono mesthi rusak
لَوَّاحَةٌ لِلْبَشَرِ
Tur gosongake kulit
عَلَيْهَا تِسْعَةَ عَشَرَ
Ing kono ana (Malaikat) kang anjaga
وَمَا جَعَلْنَا أَصْحَابَ النَّارِ إِلَّا مَلَائِكَةً ۙ وَمَا جَعَلْنَا عِدَّتَهُمْ إِلَّا فِتْنَةً لِلَّذِينَ كَفَرُوا لِيَسْتَيْقِنَ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ وَيَزْدَادَ الَّذِينَ آمَنُوا إِيمَانًا ۙ وَلَا يَرْتَابَ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ وَالْمُؤْمِنُونَ ۙ وَلِيَقُولَ الَّذِينَ فِي قُلُوبِهِمْ مَرَضٌ وَالْكَافِرُونَ مَاذَا أَرَادَ اللَّهُ بِهَٰذَا مَثَلًا ۚ كَذَٰلِكَ يُضِلُّ اللَّهُ مَنْ يَشَاءُ وَيَهْدِي مَنْ يَشَاءُ ۚ وَمَا يَعْلَمُ جُنُودَ رَبِّكَ إِلَّا هُوَ ۚ وَمَا هِيَ إِلَّا ذِكْرَىٰ لِلْبَشَرِ
Lan ora liya kajaba Malaikat kang Ingsun dadekake panjaganing geni, sarta wilangane iku ora liya kajaba mung Ingsun dadekake coba tumrap wong kang padha kafir, supaya para kang kaparingan Kitab padha yakin, sarta para kang padha iman pada wuwuh imane, apa dene (supaya) ora padha semang - semang para kang kaparingan kitab lan para mukminin, sarta supaya para kang sajeroning atine ana lelarane sarta para kafir padha elathir: apa ta kersaning Allah andamel sanepa iki? Iya kaya mangkono iku anggone Allah andadekake sasare sapa kang dadi karsane, sarta aparing pituduh (marang) sapa sing dadi kersane, lan ora ana kang weruh wedyabalane Pangeranira kajaba mung Panjenengane, lan iki ora liya kajaba pepeling tumrap para manungsa
كَلَّا وَالْقَمَرِ
Demi rembulan, wong kafir ora pisan ngistokake wewulanging al-Quran

Choose other languages: