Surah Al-Jumua Ayahs #9 Translated in Jawa
مَثَلُ الَّذِينَ حُمِّلُوا التَّوْرَاةَ ثُمَّ لَمْ يَحْمِلُوهَا كَمَثَلِ الْحِمَارِ يَحْمِلُ أَسْفَارًا ۚ بِئْسَ مَثَلُ الْقَوْمِ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِ اللَّهِ ۚ وَاللَّهُ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الظَّالِمِينَ
Sarupane wong kang wis didhawuhi ngistokake Taurat wusana banjur ora gelem (banjur nerusake manut marang nabi Muhamad SAW). Iku upamanane kaya Himar (jalaran cilik bodho) gawa kitab - kitab gedhe. Hala temen sarupane wong kang padha maido ayating Allah, Allah ora kersa paring pituduh bener marang wong kafir
قُلْ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ هَادُوا إِنْ زَعَمْتُمْ أَنَّكُمْ أَوْلِيَاءُ لِلَّهِ مِنْ دُونِ النَّاسِ فَتَمَنَّوُا الْمَوْتَ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
(Muhammad) dhawuha, "Para wong kang nyungkemi agama Yahudi manawa kowe padha ngaku dadi kekasihing Allah dhewe ora ana maneh manungsa liyane, manawa temen mangkono, mara padha nyuwuna mati ing Allah
وَلَا يَتَمَنَّوْنَهُ أَبَدًا بِمَا قَدَّمَتْ أَيْدِيهِمْ ۚ وَاللَّهُ عَلِيمٌ بِالظَّالِمِينَ
Salawase wong Yahudi mau ora ngarep - arep mati marga rumangsa ngelakoni kafir. Allah nguningani marang wong kang padha kafir
قُلْ إِنَّ الْمَوْتَ الَّذِي تَفِرُّونَ مِنْهُ فَإِنَّهُ مُلَاقِيكُمْ ۖ ثُمَّ تُرَدُّونَ إِلَىٰ عَالِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
(Muhammad) Dhawuha, "Pati kang bok singkiri iku cepet utawa suwe mesthi keleksanan ing awakmu. Kowe banjur dibalekake marang ngarsane pangeran kang nguningani barang kang samar -samar lan barang kang kasat mata. ing kono Pangeran banjur beberake samu barang kang wis padha kok lakoni
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا نُودِيَ لِلصَّلَاةِ مِنْ يَوْمِ الْجُمُعَةِ فَاسْعَوْا إِلَىٰ ذِكْرِ اللَّهِ وَذَرُوا الْبَيْعَ ۚ ذَٰلِكُمْ خَيْرٌ لَكُمْ إِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُونَ
Para mukmin! Manawa sira padha diundahng sholat dina jum’at inggal padha mangkata (menyang masjid) eling marang ALlah, ninggal adol-tuku, mangkono uga luwih becik tumrap sira, manawa wis weruh lakonono
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
