Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #82 Translated in Jawa

أَقِمِ الصَّلَاةَ لِدُلُوكِ الشَّمْسِ إِلَىٰ غَسَقِ اللَّيْلِ وَقُرْآنَ الْفَجْرِ ۖ إِنَّ قُرْآنَ الْفَجْرِ كَانَ مَشْهُودًا
Lan saira ngedegna shalat (mitutur syarat rukune kang sampurna) ana ing sawise lingsir srengenge lan sawise wiwit wengi, lan ngedegna shalat fajar. Satemene shalat fajar iku disekseni (dening malaikat rina lan malaikat wengi)
وَمِنَ اللَّيْلِ فَتَهَجَّدْ بِهِ نَافِلَةً لَكَ عَسَىٰ أَنْ يَبْعَثَكَ رَبُّكَ مَقَامًا مَحْمُودًا
Lan ana ing wektu wengi sira nindakna shalat tahajud kang dadi kautamaan tumrap sira, Muga-muga Pangeranira nangekake sira sarta mapanake ana ing panggonan kang pinuji
وَقُلْ رَبِّ أَدْخِلْنِي مُدْخَلَ صِدْقٍ وَأَخْرِجْنِي مُخْرَجَ صِدْقٍ وَاجْعَلْ لِي مِنْ لَدُنْكَ سُلْطَانًا نَصِيرًا
Lan sira (Muhammad) nyenyuwuna, "Dhuh Pangeran kawula, mugi-mugi Panjenengan nglebetaken kawula ing panggenan mlebet ingkang dipun ridhani, lan mugi-mugi ngedalake kawula ing panggenan medal ingkang dipun ridhani, lan Panjenengan mugi paring dhateng kawula keterangan saking ngarsa Panjenengan ingkang saged nulungi (ing nalika ngrungkebi tuwin ngluhuraken agami panjenengan)
وَقُلْ جَاءَ الْحَقُّ وَزَهَقَ الْبَاطِلُ ۚ إِنَّ الْبَاطِلَ كَانَ زَهُوقًا
Lan sira dhawuha, "Saiki wis teka barang kang hak, lan rusak barang kang bathal. Satemene barang bathal iku mesthi lebur lan sirna
وَنُنَزِّلُ مِنَ الْقُرْآنِ مَا هُوَ شِفَاءٌ وَرَحْمَةٌ لِلْمُؤْمِنِينَ ۙ وَلَا يَزِيدُ الظَّالِمِينَ إِلَّا خَسَارًا
Lan Ingsun nurunake al-Qur’an keterangan-leterangan, kakng marasake (dadekake waras saka kekliruan) sarta dadi rahmat tumrap wong-wong kang iman. Lan al-Qur’an mau ora nambahi marang wong-wong kang nganiaya, kajaba mung kapitunan

Choose other languages: