Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hijr Ayahs #88 Translated in Jawa

فَمَا أَغْنَىٰ عَنْهُمْ مَا كَانُوا يَكْسِبُونَ
Lah apa kang pinakolih ora makolihi marang dhèwèké
وَمَا خَلَقْنَا السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا إِلَّا بِالْحَقِّ ۗ وَإِنَّ السَّاعَةَ لَآتِيَةٌ ۖ فَاصْفَحِ الصَّفْحَ الْجَمِيلَ
Lan anggon-Ingsun anitahaké langit-langit lan bumi sarta apa kang ana ing antarané iku ora liya kajaba kalayan yakti. Lan sayekti, wayahé temen tumeka; mulané sira sumingkira kalawan paramarta utama
إِنَّ رَبَّكَ هُوَ الْخَلَّاقُ الْعَلِيمُ
Sayekti Pangéranira iku Ing- kang-Anitahaké sagung dumadi, Ingkang-Angudanèni
وَلَقَدْ آتَيْنَاكَ سَبْعًا مِنَ الْمَثَانِي وَالْقُرْآنَ الْعَظِيمَ
Sayekti, temen Ingsun wus amaringaké marang sira pitung kang tansah dibolan-balè- ni sarta Quran kang agung
لَا تَمُدَّنَّ عَيْنَيْكَ إِلَىٰ مَا مَتَّعْنَا بِهِ أَزْوَاجًا مِنْهُمْ وَلَا تَحْزَنْ عَلَيْهِمْ وَاخْفِضْ جَنَاحَكَ لِلْمُؤْمِنِينَ
Sira aja banget mandengaké mripatira marang apa kang wus Ingsun paringaké marang golongan sawenéhé minangka bubungah, sarta aja sira susah tumrap prakara dhèwèké apa déné dilembah ma- nah marang para angèstu

Choose other languages: