Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hijr Ayahs #26 Translated in Jawa

وَأَرْسَلْنَا الرِّيَاحَ لَوَاقِحَ فَأَنْزَلْنَا مِنَ السَّمَاءِ مَاءً فَأَسْقَيْنَاكُمُوهُ وَمَا أَنْتُمْ لَهُ بِخَازِنِينَ
Lan Ingsun angutus angin kang anyuburaké tumuli Ingsun anurunaké banyu saka ing men- dhung, banjur iku Ingsun gawé ombènira, sarta iku dudu sira kang anyimpen
وَإِنَّا لَنَحْنُ نُحْيِي وَنُمِيتُ وَنَحْنُ الْوَارِثُونَ
Lan sayekti, temen Ingsun kang agawé urip lan agawé pati sarta Ingsun kang dadi Waris
وَلَقَدْ عَلِمْنَا الْمُسْتَقْدِمِينَ مِنْكُمْ وَلَقَدْ عَلِمْنَا الْمُسْتَأْخِرِينَ
Lan temen Ingsun anguda- nèni sira kang padha ndhisiki sarta temen Ingsun angudanèni kang angèrèni
وَإِنَّ رَبَّكَ هُوَ يَحْشُرُهُمْ ۚ إِنَّهُ حَكِيمٌ عَلِيمٌ
Lan sayekti, Pangéranira, iku bakal angimpun dhèwèké; sayekti Panjenengané iku Wicaksana, Angudanéni
وَلَقَدْ خَلَقْنَا الْإِنْسَانَ مِنْ صَلْصَالٍ مِنْ حَمَإٍ مَسْنُونٍ
Lan sayekti, temen Ingsun wus andadèkaké manusa saka lempung garing, saka endhut ireng kang winangun

Choose other languages: