Surah Al-Hajj Ayahs #6 Translated in Jawa
يَوْمَ تَرَوْنَهَا تَذْهَلُ كُلُّ مُرْضِعَةٍ عَمَّا أَرْضَعَتْ وَتَضَعُ كُلُّ ذَاتِ حَمْلٍ حَمْلَهَا وَتَرَى النَّاسَ سُكَارَىٰ وَمَا هُمْ بِسُكَارَىٰ وَلَٰكِنَّ عَذَابَ اللَّهِ شَدِيدٌ
Nalikane sira andeleng lindhu mau. Ing dina iku kabeh wong kang nusoni padha lali marang susone, lan wong wadon kang padha bobot padha gogorok bobotane, lan sira padha andeleng polahing manungsa padha kaya wong mendem saking dening bingunge, nanging satemene ora mendem. Mung bae siksane Allah iku dhasar abot temenan
وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يُجَادِلُ فِي اللَّهِ بِغَيْرِ عِلْمٍ وَيَتَّبِعُ كُلَّ شَيْطَانٍ مَرِيدٍ
Lan sawenehing manungsa ana kang madoni Nabi Muhammad ing perkara agama tanpa pengerten, lan dheweke manut syetan kang kelantur - lantur sasare
كُتِبَ عَلَيْهِ أَنَّهُ مَنْ تَوَلَّاهُ فَأَنَّهُ يُضِلُّهُ وَيَهْدِيهِ إِلَىٰ عَذَابِ السَّعِيرِ
Wis pinasthi syetan iku dadi godha. Sing sapa manut syetan mesthi nasarake marang wong kang manut; lan dituduhake dalan anjog marang siksa neraka kang mulad - mulad
يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِنْ كُنْتُمْ فِي رَيْبٍ مِنَ الْبَعْثِ فَإِنَّا خَلَقْنَاكُمْ مِنْ تُرَابٍ ثُمَّ مِنْ نُطْفَةٍ ثُمَّ مِنْ عَلَقَةٍ ثُمَّ مِنْ مُضْغَةٍ مُخَلَّقَةٍ وَغَيْرِ مُخَلَّقَةٍ لِنُبَيِّنَ لَكُمْ ۚ وَنُقِرُّ فِي الْأَرْحَامِ مَا نَشَاءُ إِلَىٰ أَجَلٍ مُسَمًّى ثُمَّ نُخْرِجُكُمْ طِفْلًا ثُمَّ لِتَبْلُغُوا أَشُدَّكُمْ ۖ وَمِنْكُمْ مَنْ يُتَوَفَّىٰ وَمِنْكُمْ مَنْ يُرَدُّ إِلَىٰ أَرْذَلِ الْعُمُرِ لِكَيْلَا يَعْلَمَ مِنْ بَعْدِ عِلْمٍ شَيْئًا ۚ وَتَرَى الْأَرْضَ هَامِدَةً فَإِذَا أَنْزَلْنَا عَلَيْهَا الْمَاءَ اهْتَزَّتْ وَرَبَتْ وَأَنْبَتَتْ مِنْ كُلِّ زَوْجٍ بَهِيجٍ
He para manungsa. Menawa sira mamang perkara bakal tangine wong kang wis mati, sira mikira. Ingsun wis gawe leluhurira Nabi Adam saka ing lemah, saiki Ingsun nitahake awakira saka mani. Banjur dadi gethi kenthel, banjur Ingsun dadekake daging ganep wujud bayi lan ora ganep. Supaya sira terangake marang kasampurnaning kuwasaningsun. Lesan mau kang ingsun kersakake, lestari dadi manungsa Ingsun lerenake ing guwagarbane tekan mangsa lahir. Sira banjur Ingsun wetokake dadi bayi, nuli Ingsun paringi urip nganti tekan wayah mempeng. Sawenehe manungsa ana kang mati sadurunge dhewasa, lan ana kang dadwa ngumure nganti pikun, (iku kersaningsun) nganti sipikun mau laliya barang kang maune wis disumurupi. Lan maneh sira andeleng bumi iku ngenthak - enthak tanpa thethukulan. Bareng wis Ingsun turuni banyu udan, banjur ngarejet (obah) thukul thethukulan warna - warni kang mbungahake para manungsa (kang becik - becik)
ذَٰلِكَ بِأَنَّ اللَّهَ هُوَ الْحَقُّ وَأَنَّهُ يُحْيِي الْمَوْتَىٰ وَأَنَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Kabeh kang wis kasebut mau, iku tandhayekti menawa satemene Pangeran Allah iku ana temenan, sarta kuwasa nguripake wong kang wis padha mati. Lan satemene Panjenengane Allah iku nguwasani marang kabeh barang
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
