Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hajj Ayahs #20 Translated in Jawa

وَكَذَٰلِكَ أَنْزَلْنَاهُ آيَاتٍ بَيِّنَاتٍ وَأَنَّ اللَّهَ يَهْدِي مَنْ يُرِيدُ
Lan kaya mengkono Ingsun nurunake al-Qur’an iki, dadi tandha yekti. Lan satemene Allah iku nuduhake marang wong kang dadi keparenging kersane
إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَالَّذِينَ هَادُوا وَالصَّابِئِينَ وَالنَّصَارَىٰ وَالْمَجُوسَ وَالَّذِينَ أَشْرَكُوا إِنَّ اللَّهَ يَفْصِلُ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ شَهِيدٌ
Satemene wong - wong kang padha iman, wong - wong Yahudi, wong - wong Shabiin, (wong kang ora duwe cecekelan agama utowo wong - wong kang manut agama - agamane leluhure), wong - wong Nasrani, wong - wong majusi lan wong - wong kang nyekutokake Pangerane (musyrik), satemene Allah bakal ngukumi antarane wong - wong mau kabeh ana ing dina Qiyamat. Satemene Allah iku nyekseni (mirsani) ing kabeh barang
أَلَمْ تَرَ أَنَّ اللَّهَ يَسْجُدُ لَهُ مَنْ فِي السَّمَاوَاتِ وَمَنْ فِي الْأَرْضِ وَالشَّمْسُ وَالْقَمَرُ وَالنُّجُومُ وَالْجِبَالُ وَالشَّجَرُ وَالدَّوَابُّ وَكَثِيرٌ مِنَ النَّاسِ ۖ وَكَثِيرٌ حَقَّ عَلَيْهِ الْعَذَابُ ۗ وَمَنْ يُهِنِ اللَّهُ فَمَا لَهُ مِنْ مُكْرِمٍ ۚ إِنَّ اللَّهَ يَفْعَلُ مَا يَشَاءُ ۩
Apa sira durung sumurup, menawa satemene Allah iku kang disujudi dening kabeh kang ana ing langet lan bumi, srengenge, rembulan, lintang - lintang, gungung - gunung, wit - witan, kewan - kewan lan akeh - akehe manungsa, Lan akeh uga manungsa kang kabener pikantk putusan siksa. (Amarga anggone kafir ora gelem sujud ing Allah). Sing sapa diasorake dening Allah digaduhi ati atos, iku ora bakal pikantuk kamulyan. Satemene Allah iku nindakake apa kang dikersakake
هَٰذَانِ خَصْمَانِ اخْتَصَمُوا فِي رَبِّهِمْ ۖ فَالَّذِينَ كَفَرُوا قُطِّعَتْ لَهُمْ ثِيَابٌ مِنْ نَارٍ يُصَبُّ مِنْ فَوْقِ رُءُوسِهِمُ الْحَمِيمُ
Iki ana wong rong golongan kang padha bebantahan (yaiku kaum muslimin, Yahudi, lan Nasrani) padha ngaku bener agamane dhewe - dhewe. (Dene putusane Allah) wong kafir padha dienggoni sandangan geni, sarta sirahe padha digrujuk ing wedang panas saka ing duwure
يُصْهَرُ بِهِ مَا فِي بُطُونِهِمْ وَالْجُلُودُ
Wedang panas mau ngejurake jerowane para wong kafir lan matengake kulite

Choose other languages: