Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hadid Ayahs #29 Translated in Jawa

وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا نُوحًا وَإِبْرَاهِيمَ وَجَعَلْنَا فِي ذُرِّيَّتِهِمَا النُّبُوَّةَ وَالْكِتَابَ ۖ فَمِنْهُمْ مُهْتَدٍ ۖ وَكَثِيرٌ مِنْهُمْ فَاسِقُونَ
Ingsun wis ngutus Nuh lan Ibrahim, turunane nabi lor mau Ingsun paringi pangkat nabi lan Kitab. Lan ana kang oleh pituduh bener, hewa dene akeh kang padha duraka
ثُمَّ قَفَّيْنَا عَلَىٰ آثَارِهِمْ بِرُسُلِنَا وَقَفَّيْنَا بِعِيسَى ابْنِ مَرْيَمَ وَآتَيْنَاهُ الْإِنْجِيلَ وَجَعَلْنَا فِي قُلُوبِ الَّذِينَ اتَّبَعُوهُ رَأْفَةً وَرَحْمَةً وَرَهْبَانِيَّةً ابْتَدَعُوهَا مَا كَتَبْنَاهَا عَلَيْهِمْ إِلَّا ابْتِغَاءَ رِضْوَانِ اللَّهِ فَمَا رَعَوْهَا حَقَّ رِعَايَتِهَا ۖ فَآتَيْنَا الَّذِينَ آمَنُوا مِنْهُمْ أَجْرَهُمْ ۖ وَكَثِيرٌ مِنْهُمْ فَاسِقُونَ
Sapungkure banjur Ingsun sambungi para Rasul maneh, lan Ingsung sambungi Isa anake Maryam lan Ingsun paringi Kitab Injil. para wong kang manut Isa padha Ingsun paringi budi sih - sinisihan lan guyub. Apadene budi mandhita. Ananing ora Ingsun wajibake apa - apa kejaba mung murih keparening Allah, ewadene wong mau padha ora setia tuhu marang sesanggemane (percaya ing Allah lan wulangane Isa). Kang manut percaya antarane deweke padha Ingsun paringi ganjaran suwarga, nanging kang akeh padha duraka
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَآمِنُوا بِرَسُولِهِ يُؤْتِكُمْ كِفْلَيْنِ مِنْ رَحْمَتِهِ وَيَجْعَلْ لَكُمْ نُورًا تَمْشُونَ بِهِ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ۚ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Para wong - wong kang padha percaya padha bektia ing Allah lan padha ngetokna para utusane. Allah bakal ganjar rahmat rong warna sarta bakal maringi pepadhang kanthi pepadhang mau kena sira naggo mlaku lan Allah ngapura ing sira. Allah iku kepareng ngapura tur maha asih
لِئَلَّا يَعْلَمَ أَهْلُ الْكِتَابِ أَلَّا يَقْدِرُونَ عَلَىٰ شَيْءٍ مِنْ فَضْلِ اللَّهِ ۙ وَأَنَّ الْفَضْلَ بِيَدِ اللَّهِ يُؤْتِيهِ مَنْ يَشَاءُ ۚ وَاللَّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ
(Sira Ingsun weruhake kang mangkono mau) supaya ahli kitab padha weruha yen ora ana kang bisa nguwasani sih kanugrahanane Allah (menawa ora percaya marang Muhammad) kanugrahan mau mung ana ngastane Allah piyambak, diparingake marang wong kang dadi parenge kersane. Alaj iku kagungan kanugrahan gedhe

Choose other languages: